Szczecin (Jerman:Stettin,Latin:Stetinum) iku kutha krajanWojewództwo zachodniopomorskie (provinsi Pomerania Kulon) ingPolen. Kutha iki gedhé dhéwé nomer pitu miturut cacahé kang ndunungi lan kutha palabuhan Polen kang gedhé dhéwé ingsagara Baltik. Miturut cacah jiwa ing taun2005 kutha iki kang ndunungi 420.638 jiwa.
Szczecin papané ana ing muara kaliOder, kidulingStettiner Haf lanLempongan Pomerania. Kutha iki papané ana ing pasisir kidul-kulontlaga Dąbie, lan dibelah kali Oder, sarta nduwé pulo ing cabang kulon lan wétan kali iki.
Sumber-sumberJaman Tengahan nuduhaké:Stetin 1133,Stetyn 1188,Priznoborus vir nobilis in Stetin, Symon nobilis Stettinensis 1234,in vico Stetin 1240,Barnim Dei gratia dux Pomeranorum... civitati nostri Stetin 1243,Stityn 1251, lanSigillum Burgoncium de Stitin (cap kutha saka abad kaping 13).
Aran kutha iki bokmanawa mèmper karo aran-aran Polen liyané kaya taSzczytno,Szczucin andSzczuczyn. Ing basa Latin, kutha iki diaraniStetinum.
Szczecin, Balé kutha
Ana pira-pira étimologi kang mungkin dadi asalé arané kutha iki:
Szczecin asalé saka tembungszczyt kang tegeséwukir ing basa Polen modhèren, nanging ing basa Slavia kuna tegesé uga bisabètèng.
Szczecin asalé saka jeneng Szczuka lan tegesé kutha Szczuka
Szczecin asalé saka jeneng Szczeta/Szczota lan tegesé kutha Szczota
Szczecin asalé saka tembungszczecina kang tegeséri. Dadi Szczecin iku kutha kang akèh cèlèngé utawa bèntèngé kaya ri. Yèn prakara iki bener, bisa waé kutha iki padha karo Burstaborg kang karan-sebut ing babad-babadSkandinavia.
Amarga AdipatiWarcislaw IV saka Pomerania ngyasakaké "Szczecin Anyar" (basa Polen Nowy Szczecin, basa Jerman Neustettin) ing 1310, kutha Szczecin kang lawas kala-kala diarani "Szczecin Lawas" (basa Polen Stary Szczecin; basa Jerman Altes Stettin; basa Latin Stetinum Antiqua)
Szczecin
Ing abad kaping 16, sumber-sumber Polen nganggo rong éjaan alternatif:Szczecin (katonané pangucapan aran kutha iki déning warga Slavia lan sadurungé diéjaStetin ing basa Latin wiwitabad kaping 12) lanSztetyn (kang katonané salinan saka ucapané ing basa Jerman). Wujud kang kapisanSzczecin pungkasané kang luwih kerep dienggo ing taun-taun sawisé lan pungkasané paling akèh dan ditemtokaké ing abad kaping 19, suwé sadurungé kutha iki diserahaké Polen ing taun 1945.
Sadurungé taun 1945, kutha iki kang dienggoni mèh satus persèn déning wong Jerman, diarani nganggo jeneng Jermané, ya ikuStettin.