Krajan Swèdhen utawaKonungariket Sverige sajeroningBasa Swèdhen yaikunagara Nordik ingSkandinavia,Éropa kang kutha krajanéStockholm. Nagara iki wewatesan karoNurwègen ing sisih kulan lanFinlan ing sisih lor-wétan, SelatSkagerrak lan SelatKattegat ing sisih kidul-kulon, sartaLaut Baltik lanLempongan Bothnia ing sisih wétan.
Ana ing taun1995 Swèdhen gabung sajeroningUni Éropa nanging nganti saiki Swèdhen isih durung gabung sajeroningPersatuan Moneter Éropa. Swèdhen kalebunagara maju lan rakyaté nampa pelayanan publik kang apik.
Kapadetan sing ndunungi Swèdhen endhèk banget, séjéné inglaladan metropolitan. Ora anabasa resmi nanging kanthide facto, basa resminé yaikubasa Swèdhen utawaSvenska ditambah 5basa minoritas liyané.
Swèdhen minangka salah sawijining nagara paling miskin ingÉropa ingabad angka 19, disebabaké déning konsumsialkohol kang dhuwur lan dogmatikProtestanisme. Kaanan mau owah nalikatransportasi lankomunikasi tumuwuh ngidinaké pemanfaatan aset alam saka sawatara pérangan nagara, kang misuwur yaikukayu lanbijih wesi. Saiki, nagara iki diaraniliberal lan pepénginan kanyamaan kang kuwat, lan lumrahé ana ing urutan nduwur ana ingIndhèks Pengembangan ManusiaPBB.
Kutha krajan nagara pangasilmobilVolvo iki yaikuStockholm. Sing ndunungi sangang yuta jiwa manggoni punjul 440.000 km² saéngga nagara iki dadi urutan angka 155 sajeroning kapadetan sing ndunungi donya.
Swèdhen wis dadi nagarakarajan suwéné mèh sakmilenium.Sistem perpajakané diatur déningRiksdag (parlemèn). Riksdag dumadi sakaempat majelis, yaiku saka wakil-wakil patang kategori: masarakat awam, bangsawan, klerik, lantownsmen, nganti taun 1866 nalika Swèdhen dadimonarki konstitusional kanthi parlemènbikameral. Majelis pisanané dipilih langsung sajeroning pemilihan nasional saben patang taun.
Laladan Swèdhen dumunung ing belahan bumi lor lan ing sisih lor, ana wewengkon sing dumunung ana ing tlatahLingkaran Arktik nangingnduwé iklim sedang.
Ing sisih wétan, wewengkoné diwatesiLaut Baltik lanLempongan Bothnia. Watesé ing sisih kulon karoNurwègen wujudPegunungan Skandinavia. Kapadetan sing ndunungi cenderung luwih dhuwur ing laladan kidul kang mayoritasagrikultur lan tansaya ngalor, alasé tansaya kandel.
Tanggal12 Agustus2004, populasi Swèdhen nggayuh angka 9 yuta jiwa lan duwé tingkatharapan hidup kang dhuwur katandhing karo nagara-nagara lumrahé. Padunung asliné yaikuWong Sami. Sapérangan gedhé wargaFinn Swèdhen wujud migran utawa keturunan pendatang sakaabad angka 20 nanging ana watara 50.000suku Finn asli kang dadi salah siji minoritas ing Swèdhen.
SawiséPerang Dunia II, Swèdhen akèh nampa migran mligi amarga perang ing nagara liya kaya déné sakaIrak,Iran,Yugoslavia, lanPalestina sarta wong-wongAmérika Sarékat kang ora mèluPerang Vietnam. Nanging, golonganimigran gedhé dhéwé yaikusuku Finn sakaFinlan.
|
|---|
| Praja atmabuh | | |
|---|
| |
|---|
| | Dhènemarken | |
|---|
| Karajan Manunggal | |
|---|
|
|---|
Wewengkon Mirunggan kanthi atmabuh mardika | | Finlan | |
|---|
| Karajan Manunggal | |
|---|
| Nurwègen | |
|---|
|
|---|
- 1 Pulo-pulo sing ana nang segara saputere Éropa biasane dianggep kalebu Éropa.
- 2 Praja-praja sing ana nang saputere Éropa kadang dianggep Éropa amarga kabudhayaane padha.
|