Républik Suriname iku nagara kang dumunung ana ing pérangan lorAmérika Kidul. Nagara iki diwatesi karoGuyana Prancis ing wétan,Guyana ing kulon, NagaraBrazil ing kidul, lanSamodra Atlantik ing lor. Nagara iki salah sijining panggonan kang akèh wong Jawané, saliyanéIndonésia lanKaledonia Baru. Suriname iku mantan jajahan Walanda lan mbiyèn ditepungi mawa jeneng Guyana Walanda. Suriname mardika saka Walanda ing tanggal 25 November 1975.
Mawa amba kurang saka 165.000km2, Suriname iku nagara swatantra kang cilik dhéwé ing Amérika Kidul. Guyana Prancis ambané luwih cilik, nanging tlatah iki laladan Prancis lan ora mardika. Suriname kang ndunungi kurang luwih 490.000 jiwa, lan mayoritasé urip ing pasisir lor, papané kutha krajanParamaribo.
Wewengkon Suriname wiwit kalokaabad kaping 15, yaiku nalika bangsa-bangsa Éropah nguwasaniGuyana, sawijining dhataran jembar kang dumunung antaranéSamodra Atlantik,Kali Amazon,Rio Negro,Kali Cassiquiare lan Kali Orinoco. Wiwitané dhataran iki déning para ahli kartografi diwnènehi jeneng Guyana Karibania (Guyana kang tegesé dhataran jembar kang diilèni déning akèh kali lan Karibania saka tembung Caribs yaiku jeneng kang ndunungi asli kang pisanan manggon ing dhataran mau).
Ananing wong Jawa ing Suriname iki ora bisa diculké karo ananing pakebonan-pakebonan kang dibukak ning kana. Sabubaré ora olèhé pabudhakan nèng kana, lan wong-wong turunanAfrika dibébasaké saka pabudhakan. Ing pamungkasing 1800anWalanda wiwit nekakaké para kuli kontrak asalJawa,India lanCina. Wong Jawa pramilané dipanggonaké ing Suriname taun 1880an lan dikaryakaké ing pakebonangula lankayu kang akèh ing tlatah Suriname.
Wong Jawa teka ing Suriname nganggo akèh cara, nanging akèh kang dipeksa utawa diculik saka désa-désa. Amungwong Jawa kang digawa, lan tlatah liya kang keturunané dadi Jawa kabèh ing kana.
Wong Jawa nyebar ing saindhenging tlatah Suriname, nganti ana désa jenengéTamanrejo lanMargoyoso, ana manèh kang ngumpul ing Marienburg. Wong Jawa Suriname sajatiné tansah ana janji ing Tanah Jawa sanajan urip adoh dipisahké karo samodra, iku sebabéBasa Jawa panggah lestari ing tlatah Suriname. Weruh Indonésia wis mardika, akèh wong Jawa kang nduwé karep bali ning Indonésia, lan mung sithik kang bener-bener bisa bali, iku waé malahan ing tanah Sumatra lan tlatah-tlatah Indonésia liyané. Banjur, ing taun 1975 wayah Suriname mardika saka Walanda, wong-wong kalebu wong Jawa diwènèhi pilihan, panggah ing Suriname utawa mèlu pindhah menyang Walanda. Akèh wong Jawa kang akiré pindhah menyang tanah Walanda, lan liyané panggah ing Suriname. Rata-rata wong Jawa Suriname iku agamanéIslam, sanajan ana kang mèlu agama liyané nanging sethithik.
Sing unik ing wong Jawa Suriname iki, ora olèh rabi karo anak putuné wong sa'kapal utawa sa'jaji. Dadi wong sa'kapal kang digawa ana ing Suriname iku wis dianggep paseduluran lan anak putuné ora olèh dirabi.
Républik Suriname (Surinam), yaiku nagara ingAmérika Selatan lan tilas jajahaneWalanda kang merdeka saka Walanda tanggal25 Novèmber 1975. Nagara iki wewatesan karoGuyana Prancis ing sisih wétan lanGuyana ing sisih kulon. SIsih kidul wewatesan karoBrasil lan ing sisih lor karo Samodra Atlantik. Suriname mau "Indonésia Sebelah Barat" jalaran akèhé wong Jawa kang ana ana ing Suriname. Ing Suriname ana wongJawa kang manggoni, cacahé udakara 87.000 wong. Wong-wong Jawa iku mau digawa mrana karoWalanda taun 1890 nganti 1939.
Kutha krajané Suriname ana ing kuthaParamaribo. GolonganHindustan utawa wong turunan saka imigran abad 19 saka India, populasine 21%. Kreol, camboran wong kulit putih lan kulit ireng cacahé 28%, wong Jawa ana 46% lan wong Maroon, turunane tukang réwang sakaAfrika kang minggat, ana 10%. Liyane, yaiku wongIndian-Amérika,Tionghoa, lan kulit putih. Komunitas [[Yahudi ya ana, dhèwèké turunane kaum Sefardim kang maune minggat saka Iberia menyangWalanda. Agama kang dipeloni kaya ta Hindhu, Islam lan Kristen.
Warga Suriname cacahé kabèh ana 433.998 wong. Uripé akèh-akèhané ana ing pinggir kali gedhé lan tlatah-tlatah cedhakingsagara. Uga urip ing punjer-punjer pakebonan. Wong Suriname iku akèh macemé, lan paling akèh ya turunan sakaIndia kang nganti 17%né warga, sabanjuré wong Kreol kang turunané para batur tukonAfrika, cacahé 31%. Katelu iku wong Jawa, 45% banjur wong Maroon 10% (wong Maroon iki turunaning wong batur tukon kang lumayu menyang alas-alas, lan cara uripé tansah kaya leluhuré ing Afrika). Lan sisané ana wongCina,Indian lanWalanda.[5]
Ora ana agama kang resmi ing Suriname. Ana agamaHindhu kang dipracayani karo wongIndia, agamaIslam kang akèh dipracayani wong Jawa lan sapérangan wong India, ugaKristen lanKatulik kang dipracayai karo wong Kreol lan Maroon. Malah tansah akèh wong kang nganut ilènAnimisme.
Basa resmi kang diakoni ing Suriname yabasa Walanda, nanging kanggo basa pasaran wong Suriname nganggobasa Sranan Tongo kang asliné sakabasa Inggris, lan iku dadi piranti wicaraning golongan-golongan ing kana. Kajaba iku,basa Hindi, lanbasa Jawa diujarké karo klompoké dhéwé-dhéwé. Uga ana basa-basaIndian kaya taKarib lanArawak, basa-basa Maroon kayaSaramaka lanNdjuka.