Surah Az-Zumar (Arab:الزمر , "Rombongan-Rombongan") ikusurat angka 39 sajeroningal-Qur'an. Surat iki kagolong suratMakkiyah, dumadi saka 75 ayat. DijenengakéAz-Zumar kang tegeséRombongan-Rombongan amarga tembungAz-Zumar kang ana ing ayat 71 lan 73 surat iki. Sajeroning ayat-ayat mau dijlèntrèhaké kaanan manungsa ing dina kiyamat sawisé dihisab, ing wektu iku manungsa kapérang dadi rong rombongan; siji rombongan digawa menyangneraka lan siji rombongan manèh digawa menyangswarga. Saben rombongan olèh walesan saka apa kang dilakoni ing donya. Surat iki dijenengaké ugaAl-Ghuraf kang tegeséKamar-Kamar amarga tembungGhuraf kang ana ing ayat 20, kang nerangaké kaanan kamar-kamar ing swarga kang ditampa déning wong-wong kang takwa.
Dalil-dalil angka Esaan lan kakuwasanAllah;malaékat-malaékat kumpul ing saubengé 'arsy tasbih marang Allah; ing dina kiyamat saben wong duwé cathetan amalané dhéwé-dhéwé.
Préntah agawé murni kataatan marang Allah; larangan putus pangarepan marang rahmat Allah.
Tabiat wong-wongmusyrik sajeroning kaanan seneng lan susah;perumpamaan sajeroningKuran lan paédahé; dahsyatédina kiyamat; rainé wong musyrik lan luh-é wong mukmin ing dina kiyamat; janji Allah ngampuni wong-wong kang salah yèn padha tobat.
Saka surat Az-Zumar bisa dijupuk wulangan sebagai berikut:
- Al-Quran wujud pituduh kang paling sampurna tumrap manungsa.
- Saben makluk bakal mati lan ing akhirat bakal dihisab ngenani amalan-amalané.
- Senadan akèh dosané, manungsa ora kena ilang pangarepan marang rahmat Allah.
 | Wikisumber bahasa Jawa gadhah naskah sumber ingkang magepokan kaliyan |