Sundha utawaSuṇḍa iku tlatah kang ana ing kuloningpulo Jawa. Tlatah iki wewengkon kang dienggoni déningwong Sundha. Wates antara tlatah Sundha karo tlatah Jawa iku warna-warna tafsiré. Yèn miturut wates basa, tlatah Sundha iku wateséIndramayu,Cerbon lanCilacap. Banjur ana tlatah kangterpencil (ekslave) ingBanten. Nanging yèn kang dienggo tapsir iku Wewengkon Kabupatèn Jawa Barat utawa "Alam Sunda", watesé jaré wong Sundhakali Comal ingBrebes.