Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Sulfasalazin

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa


Sulfasalazin
Jeneng sistematis (IUPAC)
2-hydroxy-5-[(E)-2-{4-[(pyridin-2-yl)sulfamoyl]phenyl}diazen-1-yl]benzoic acid
Data klinis
Jeneng dagangAzulfidine, Salazopyrin, Sulazine, others
AHFS/Drugs.comMonograph
MedlinePlusa682204
Data lisènsiUS Daily Med:link
Kat. kehamilanA(AU)B(US)
Status hukumPOM (UK)-only (US)
RuteBy mouth
Pharmacokinetic data
Bioavailabilitas<15%
Wektu paro5-10 hours
Pangenal
Nomor CAS599-79-1 ☒N
Kode ATCA07EC01
PubChemCID 5339
DrugBankDB00795
ChemSpider10481900Cithakan:Chemspidercite
UNII3XC8GUZ6CBCithakan:Fdacite
KEGGD00448 ☒N[kegg]
ChEBICHEBI:9334
ChEMBLCHEMBL421 ☑Y
SinonimSulphasalazine
Data kimia
FormulaC18H14N4O5S 
Massa mol.398.394 g/mol
  • InChI=1S/C18H14N4O5S/c23-16-9-6-13(11-15(16)18(24)25)21-20-12-4-7-14(8-5-12)28(26,27)22-17-3-1-2-10-19-17/h1-11,23H,(H,19,22)(H,24,25) ☑Y
    Key:NCEXYHBECQHGNR-UHFFFAOYSA-N ☑Y

Data fisik
Titik lebur240–245 °C (464–473 °F) (dec.)

Sulfasalazin ya iku obat antiradhang sing dipigunakaké kanggo nambani gejala radhang usus utawa kolitis ulseratif, sing asring sinebut kolitis ulserativa. Obat iki ora nambani lelara usus ananging amung ngurangi gajala sing njedhul kaya ta panas, lara weteng, dhiaré lan pandarahanrektum. Obat iki makarya kanthi cara nglorogaké gejala radhangusus ing awak.[1] Sakliyané inambani lelara usus, obat iki uga dipigunakake nambanirheumatoid arthritis. Racaké, obat iki kasedhiya ing maujud tablèt utawa kaplèt salut èntérik sing kudu diolu kanthi kahanan wutuh. Obat iki duwé jeneng dagangLazafin, Sulcolon, Sulfasalazin, Salivon, Sulfasalazine, lanSulfitis.

Dhosis

[besut |besut sumber]

Dhosis ngonsumsi sulfasalazin miturutlelara lan umur ya iku:

Gejala radhang usus utawa kolitis ulseratif

[besut |besut sumber]
  • Dhiwasa: wiwitan ngombé 1-2 gram sedina ping papat nganti pratandha becik. Sakwisé gejala sansaya apik, dhosis diudhunaké dadi 2 gram saben dina sing kapara dadi pirang-pirang jadwal konsumsi.
  • Bocah sakdhuwuré 2 taun: dhosis wiwitan ya iku 40–60 mg saben kg bobot awak saben dina sing kepara dadi pirang-pirang jadwal konsumsi. Sakwisé gejala sansaya becik, dhosis bisa diudhunaké dadi 20–40 kg bobot awak saben dina sing kepara dadi pirang-pirang jadwal konsumsi.

Rheumatoid arthritis

[besut |besut sumber]
  • Dhiwasa: Dhosis saben minggu kapisan ya iku 500 mg saben dina, sakwisé iku, dhosis bisa diundhunaké 500 mg saben minggu. Dhosis maksimal ya iku 3 gram saben dina sing kepara dadi 2-4 jadwal konsumsi.
  • Bocah sakdhuwuré 6 taun: dhosisé ya kuwi 30–50 mg saben kg bobot awak saben dina sing kepara dadi loro jadwal konsumsi. Ing wiwitan pangobatan, dhosisi sing diwènèhaké ya iku ¼ nganti 2/3 saka dhosis iku lan bisa diundhakaké saben minggu nganti nggayuh dhosis sing dikarepaké nganti wektu 1 sasi. Dhosis paling akèh ya iku 2 gram saben dina.[2]

Pèngetan

[besut |besut sumber]

Sulfasalazin mungkinaké ngehambat kémotaksisleukosit lan ngurangi prodhuksi sitokin lan léukotrien sarta ningkataké pambentukan radhikal bébas.[3] Pawongan kang kudu ngati-ati ngonsumsi obat iki mliginé ing kahanan:

  • Wanita kang lagimbobot
  • Panandhang ganggunan ginjel lan ati
  • Panandhang kanthi riwayat asma bronkial lan alèrgi
  • Panandhang kanthi risiko toksisitas hematologis lan hepatik
  • Panandhang defisiensi G6PD

Sakwisé ngonsumsi obat iki kudu ngombé banyu putih kang akèh kanggo nyegah dumadiné kristaluria. Prayogané uga ora nyopir kendharaan lan nglakokaké mesin amarga bisa nyebabaké mumet.

Interaksi Obat

[besut |besut sumber]

Jinis obat liya kang bisa agawé interaksi tartamtu nalika dipigunakaké bebarengan karo sulfasalazin ya iku:

Jinis obatInteraksi
Rifampisin, etambutolPamudhunan kadhar plasma sulfasalazin
AzathioprinPaningkatan toksisitas hematologis
Obat kanggo terapi standra rheumatoid artritisMicu èfèk leukopenia
Asam folatNgehambat pengresepan asam folat
Digoxin sèrumPamudhunan kadhar digoxin sèrum[4]

Èfèk samping

[besut |besut sumber]
Praupané sulfasalazin

Èfèk samping sing bisa ditepungi nalika ngonsumsi obat iki ya kuwi:

  • Angèl turu
  • Ora doyan mangan
  • Mumet
  • Ruam kulit
  • Pamudhunan gunggung spèrma[5]
  • Watuk
  • Uyuh werna peteng
  • Mukok-mukok
  • Njedhul hipersensitif
  • Agranulositosis
  • Diskrasia getih[6]

Kapustakan

[besut |besut sumber]
  1. Samiadi, Lika Aprilia (2020-05-11)."Sulfasalazine".Hello Sehat. Dibukak ing2020-06-07.
  2. "Sulfasalazine".Alodokter. 2018-06-20. Dibukak ing2020-06-09.
  3. "Behandling med sulfasalazin".Dansk Reumatologi. 2019-05-14. Diarsip sakasing asli ing 2020-06-07. Dibukak ing2020-06-07.
  4. Olivia (2019-03-24)."Sulfasalazine".SehatQ. Diarsip sakasing asli ing 2020-06-07. Dibukak ing2020-06-07.
  5. "Sulfasalazine itu Obat Apa?".Gue sehat. Dibukak ing2020-06-09.
  6. "SULFASALAZIN".Pusat Informasi Obat Nasional Badan Pengawas Obat dan Makanan. Diarsip sakasing asli ing 2020-06-07. Dibukak ing2020-06-07.
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Sulfasalazin&oldid=1667543"
Kategori:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp