| Wikipediaora tanggung jawab lan ora bisa njamin yèn informasi kedhokteran sing dipratélakaké ing kaca iki bener.Mangga nyuwun pituduh saka tenaga medhis sing profèsional sadurungé ngayahi pangobatan. | |
Strok iku siji kaanan kang dumadi nalika pasokangetih menyang siji péranganutek dumadakan kaganggu. Sajeroning jaringan utek, kurangé ilining getéih njalari sarangkèn réaksibiokimia, kang bisa ngrusak utawa matèkakésel-sel saraf ing utek. Patiné jaringan utek bisa njalari ilangé fungsi kang dikendhalèkaké déning jaringan iku. Strok iku jalaranpati kang katelu ingAmérika Sarékat lan akèh nagara indhustri ingÉropa (Jauch, 2005). Yèn bisa dislametaké, sok-sok panandhang ngalami kalumpuhan ing anggota awaké, ilangé sapérangan pepéling utawa ora/kurang bisa omong. Sapérangan taun ing wuri iki tansaya populèr istilahserangan utek. Istilah iki pepadhan karo istilah kang wis ditepungi wiyar, "serangan jantung".
Strok dumadi amarga cawang pambuluh getih kacandhet déningemboli. Emboli bisa wujudkolesterol utawaudara.
Diagnosis strok iku kanthi klinis dikanthèni pamriksan panunjang. Pamriksan panunjang kang bisa dilakokaké antaranéCT scan sirah,MRI. Kanggo mbiji kasadharan panandhang stroke bisa dipigunakakéSkala Koma Glasgow. Kanggo mbédakaké jinis stroke bisa dipigunakaké manéka sistem skor, kaya dénéSkor Strok Siriraj,Algoritma Stroke Gajah Mada, utawaAlgoritma Junaedi.
Panandhang strok racaké diwènèhioksigèn, dipasanginfus kanggo nglebokaké cuwèran lan dat panganan, diwènèhimanitol utawakortikosteroid kanggo ngurangi abuh lan tekanan ing njero utek kanggo panandhangstroke akut.[2]