Patungipun Zeno saking Citium wonten ing National Archaeological Museum ing Naples
Stoisisme inggih punika salah satunggalé aliranfilsafat kilèn ingkang lair sagebyagan jaman kuna (600 SM-400 M).[1] Aliran filsafat ingkang kacitra ing jamanHellenisme punika diyasa déning Zeno sakingCitium,Siprus.[1] Underané filsafat punika ya iku pamawas bilih mboten wonten kasantosan ingkang nglangkungi nalar utawi akal pikiran.[1]
Stoisisme utawi Stoa punika saking basaYunani ingkang gadhah arti inggih punika ampir-ampir.[2] Stoa dados sawijining tranjang ingkang gesang sadangunipun 500 taun.[3] Amargi filsafat Stoa punika, filsafat ingkang kawitané wonten ingYunani saged ngalam donya.[3] Kajawi punika amargaAlexander Agung nyebaraken kabudayanYunani dhateng njabaYunani.[3] Kawitané para filsuf Stoa punika sakingSyria lan salajengipun uga kathah sakingRomawi.[3] Wonten tiyang saking golongan andhap kaya ta abdi (Epitectus) uga wonten saking kamaharajan kaya ta Marcus Aurelius.[3]
Satunggalipun kanyatan ingkang wonten donya inggih punika jagad donya lan mboten wonten ingkang nglangkungi.[3] Jagad punika sampun wonten ingkang mranata.[3] Awaké dhéwé uga bageyanipun saking jagad.[3] Roh nalar utawi rasionalitas ingkang manunggal kaliyan jagad donya inggih punikaGusti saénggoGusti punika mboten ginggang kaliyan manungsa nanging wonten ing njero tiyang piyambak-piyambak.[3]
Bilih badhé ngangsu kawruh bab Stoisisme, lampah ingkang kapisan inggih punika maos karyanipunSaneca (2 SM-65 M) lanMarcus Aurelis (121-180 M).[3] Karya piyambakipun sedaya taksih dados karya ingkang saé ngantos samenika.[3]
Saneca mangèksi andhap amalkadonyan lan wasésa dados walang sangker kasaénan.[4] Prakara punika piyambakipun buktèkaken sasampunipun piyambakipun gadhah kalodhangan nggentosiNero, salah satunggalé kaisarRomawi. Nanging piyambakipun malah uga diarani dadi tiyang ingkang ndamelNero dipunsédani. Pungkasané piyambakipun nyuwun anumata kanggé lampus dhiri. Babagan punika kanggé mbuktèkaken bilih piyambakipun mboten keliru.[5]
Marcus Aurelius punika salah satunggalé kaisarRomawi. Piyambakipun mangèksi jiwa ingkang utami wonten panggesangan. Badan wadhag amung bluwèn jiwa saéngga angkahipun ingkang utami inggih punika kautaman jiwa. Piyambakipun uga atur priksa bilih tiyang punika ngadhahi pilihan kanggé lampah gesangipun. Piyambakipun gadhah gagasan bilih sedaya tiyang wonten donya punika sampun gadhah dhapukan piyambak-piyambak sakingGusti.[5]