Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Sirkuit RLC

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Sirkuit seri RLC.

Sirkuit RLC inggih punikasirkuit listrik ingkang ing salebetipun gadhahrésistor,kapasitor, laninduktor ingkang tansah gadhah gayutan antawisipun komponèn satunggal kaliyan sanèsipun miturut cara paralel utawi seri.[1] Sirkuit RLC mujudaken satunggalipun sistempersamian deferensial orde kaping kalih utawi saking kalih persamian deferensial orde ingkang kapisan lan dipunrampungaken kanthi cara simultan.[1]Satunggalipun Sirkuit RLC utawi LRC Sirkuit inggih punika sirkuitlistrik ingkang kapérang sakingrésistor,kapasitor, laninduktor ingkang dipunhubungaken kanthi seri utawi paralel.[2] Kathah aplikasi ingkang ngginakaken sirkuit RLC, kados ing rangkeanisolator.[2] Aplikasi sanèsipun inggih punika kanggé tuning, kados kanggéradhio,televisi. Sirkuit RLC saged dipun-ginakaken minangka band-pass filter kados tuning aplikasi.[2]Tigang elemen sirkuit saged dipunkombinasikaken ing tipologi ingkang bènten.[2] Sedaya elemen punika dipunsusun seri utawi paralel.[2] Setunggal bab ingkang kedah dipunmangertosi inggih punika kedah dipunpertimbangakenperlawanan akuninduktor.[2] Limrahipun Induktor dipundamel saking gulungankawat.[2]

Frekuensi resonansi saking sirkuit RLC inggih punika:[1]

ω0=1LC{\displaystyle \omega _{0}={\frac {1}{\sqrt {LC}}}}

bilih:

Persamian karakteristik saking sirkuit RLC inggih punika:[3]

s2+2αs+ω02=0{\displaystyle s^{2}+2\alpha s+\omega _{0}^{2}=0}

bilih:

Akar-akar persamian ing nginggil inggih punika:[3]

s1=α+α2ω02{\displaystyle s_{1}=-\alpha +{\sqrt {\alpha ^{2}-\omega _{0}^{2}}}}
s2=αα2ω02{\displaystyle s_{2}=-\alpha -{\sqrt {\alpha ^{2}-\omega _{0}^{2}}}}

bilih:

Cathetan suku

[besut |besut sumber]
  1. abcd[Hayt. 2007.Engineering Circuit Analysis. McGraw-Hill Higher Education]
  2. abcdefgRangkaian RLC'[pranala mati permanèn] dipunundhuh tanggal 9 Agustus 2011)
  3. abcd[Irwin. 1995.Introduction to Electrical Engineering. Introduction to Electrical Engineering]

Pranala njawi

[besut |besut sumber]


Artikel iki minangkaartikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédiangembangaké.
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Sirkuit_RLC&oldid=1660026"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp