Sevastopol (basa Rusia: Севастополь,Sevastopol;basa Ukraina: Севастополь,Sevastopol;basa Tatar Krimea: Акъя́р,Aqyar), utawaSebastopol, yaiku kutha paling gedhe ingKrimea, lan pelabuhan utama ingsegara Ireng. Amarga lokasine kang strategis lan pelabuhan kutha kang oleh dilayari, Sevastopol wis dadi pelabuhan wigati lan pangkalan angkatan segara sakdawane sajarahe. Wiwit didhirikake ing taun1783, kutha iki dadi pangkalan utama armada segara irengRusia, lan sadurunge ya iku kutha katutup lawaseperang Adhem. Tlatah administrasi kutha iki nduweni jembar 864 km2, lan saperangan gedhe nyakup laladan padesan. Populasi urbane, kang saperangan gedhe terkonsentrasi ing sawatara teluk Sevastopol sagedhe 479.394 jiwa,[3] lan total populasine yaiku 547.820 jiwa.[4]
Sevastopol, bareng karo tlatahTrimea liyane, kanthi internasiyonal diakoni dadi perangan sakaUkraina lan ing ngisor kerangka kukum Ukraina. Kutha iki kanthi administratif ya iku salah siji saka rong kutha karo status mligi (saliyanKyiv). Nanging, kutha iki wis diduduki deningRusia wiwit27Februari2014, sadurunge rusia menganeksasi krimea ing18Maret2014 lan menehi status dadi kutha federal. Becik Ukraina utawa Rusia nganggep kutha iki kanthi administratif kapisah sakaRepublik Otonom Krimea utawane "Republik Krimea". Mayoritas pandhudhuk sevastopol yaiku etnis Rusia, karo minoritas substansial etnis Ukraina.
Sevastopol yaiku kutha angkatan segara lan maritim, ndadekake fitur dhasar ekonomi kang kuwat. Kutha iki nikmati musim adem kang sejuk lan musim panas kang cukup anget, karakteristik iki kang nggawene nduweni akeh resor tepining segara lan dadi tujuwan wisata kang populer, utamane kanggo pengunjung saka republik bekasUni Soviet. Kutha iki uga ya iku puser wigati kanggo panliten biologi kelautan. Kanthi mligi, militer wis nyinaoni lan nglatih lumba-lumba ing kutha kanggo kaperlon militer wiwiting taun 1960-an.[5]