Seoul (Aksara Jawa: ꦱꦵꦈꦲ꧀ ) iku kutha krajanKoréa Kidul kang umuré punjul 600 taun lan nganti taun1945, kutha krajan saka kabèhKoréa. Kutha iki minangka Kutha Mligi Koréa. Wiwit madegéRépublik Koréa—kondhang kanthi jenengKoréa Kidul—ing taun1948, kutha iki dadi kutha krajan nagara, kajaba sawatara wektu ing mangsaPerang Koréa.
Kanthi 10 yuta kang ndunungi kadaftar kang manggon ing tlatah kang jembaré 605.52km², Seoul minangka salah siji kutha paling padhet ing donya. Kapadhetané wis ndadèkaké dadi salah siji kuthadigital-kabel ing donya. Kutha iki uga duwé montor kadaftar punjul 1 yuta kang njalari kamacetan nganti liwat tengah wengi. Pérangan Seoul gedhé dan laladan komuter, kalebu dermaga kuthaIncheon lan laladan papan panggonSeongnam, dadi panggonan kang paling padhet ing donya. Sajeroning taun-taun pungkasan, pamaréntah laladanmetropolitan wis nindakaké program resik-resik polusi hawa lan banyu ing kutha iki, andandèkaké atmosfir dadi resik banget.
Seoul dibagi sajeroning 25gu (구 dhistrik), kang dipérang manèh dadi 522dong, kang banjur dibagi sajeroning 13.787tong, lan dibagi manèh dadi 102.796ban.