Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Semut

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Semut
Kalamangsa:Periode Kapur-Saiki
Lasius niger (semut ireng kebon ing tetuwuhan)
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan:Animalia
Filum:Artropoda
Klas:Insekta
Ordho:Hymenoptera
Subordho:Apokrita
Superfamili:Vespoidea
Famili:Formicidae
Latreille, 1809
Sub-kulawarga
pring omah semut ing kebun kakao
anatomi semut

Semut ikugegremet eusosial saka kulawargaFormisidae, kalebu ing ordhoHimenoptera padha karotawon.[1] Semut kapérang dadi 12.000 golongan lan paling akèh ana ing laladantropis.[1] Semut dikenal kanthikoloni lan susuhé sing temata.[1] Sabenkoloni kapérang saka éwonan semut.[1]Koloni semut sok karansuperorganisme amarga koloni-koloniné mbentuk sawijining kamanunggalan.[1]

Jinisé semut

[besut |besut sumber]

Ana telung jinis semut, ya iku:semut buruh,semut lanang minangka pejantan, lanratu semut.[1]

Semut Rangrang

[besut |besut sumber]

Semut rangrang diaranisi pedas ya iku nggawé sarang saka godhong-godhong ing wit-witan.[2]Godhong-godhong mau digawé dhompolan bunder kang jeroné bisa dadi omah.[2] Semut rangrang seneng hawa sege, mulane ora tinemu ing njero omah.[2] Susoh utawa susuhé mung ana ingwit.[2] Semut jinis iki ora nggawé sarang ing lemah kaya semut-semut liyané.[2] Semut iki awake luwih gedhé lan polah tingkahé luwihsgresif tinimbang semut liyané.[2]Semut rangrang nduwé endhog kang jenengékroto.[2]Kroto iki uga bisa kanggo pakanmanuk.[2]

Dasanama

[besut |besut sumber]

Semut iki duwé jeneng kang béda-béda ing saben nagara. Tuladhanésemut kuning(Vietnam,Cina),semut abang(Thailand) lansemut ijo(Australia). Klasifikasi iki miturut warna semut.Kanggo mbedakaké saka semut liyané, para ilmuwan mènèhi jenengOecophylla, utawa kang luwihspesifik ya ikuOecophylla smaragdina kanggo semut rangrang kang ana ingAsia, lan''Oecophylla longinoda'' kanggo semut rangrang kang ana ingAfrika.

Semut dadi Zombie

[besut |besut sumber]

JamurOphiocordyceps unliateralis duwé sipatparasit lan bisa urip ing semut(Camponotini sp.) ing laladanZona da Mata,Brazil.[3]Semut kenainfeksi jamur iki nalika semut ditèmplèkisporajamur.[3] Kurang luwih seminggu semut bakal malih dadizombie.[3]Profesor David Hughes dariUniversity of Pennsylvania kang uga dadi ketuapanaliten, nerangake yèn semut kang dadizombie bakal nggantung lan nyokoti panggonan ngisorgodhong lan polah tingkahé uga malih.[3]

Hughes uga nerangaké yèn jamur kang thukul ing ndhas semut bakal thukul kayaantena utawasungu banjur nyebarspora.[3] Spora iku bakal tiba ing lemah lan ana kang kagawa udan saéngga bisa némplék ing semut liyané.[3]

Ing taun2009,Hughes nemusemut zombie ingIndonésia.[3] Semut-semut zombie iki nggantung inggodhong kang dhuwuré 25 cm lan duwé kelembapan 95 persèn.[3] Ing panggonan ikijamur bisa thukul rikat banget.[3]

Ing spesiés-spesiés kang tinemu ingAmazon,Hughes nemu semut zombie kanthi ukuran lan wujud kang béda. Ana jamur kang duwéspora cadangan kang bisa némpél luwih akèh ing semut.[3] Nanging jamur kanthi spora ganda iki mung nemplek ing semut-semut kang tinamtu.[3]Steve Shattcuk dariSCIRO Ecosystem Sciences nerangake yèn para panaliti ora bisa nggawepèstisida saka jamur iki amargapéstisida ora bisa maténi semut kang asalé saka akèhspésies.[3]

Sarang Semut

[besut |besut sumber]

Semut nggawé susuh utawa sarang kanggoomah supaya ora kapanganprédator lan kanggo nyimpenendhog.[4] Semut bakal setya marang ratuné.[4] Semut lumrahé nduwé koloni utawa golongan kang tansah njagaratu semut saka predator.[4]

Koloni

[besut |besut sumber]

Semut nduwé gerombolan kang cerdas lan nduwéferomon.[1] Miturut Kevin Kelly semut bisa komunikasi nganggo feromon.[1] Semut lumrahé ngetokaké feromon yèn metu saka sarang nganti mbalik tekan sarang.[1] Feromon iki bakal dadi tanda kanggo semut liyané.[1] Feromon iku sawijining zat kang suwé ilangé saéngga tlacak semut bisa didetéksi nganti suwé.[1]Parailmuwan uga nemukoloni semut palinggedhé ingdonya, koloni semut iki mirib kayaKastil.[5]

Cathetan suku

[besut |besut sumber]
  1. abcdefghijkKecerdasan Koloni SemutArchived 2011-12-09 at theWayback Machine.(dipunundhuh tanggal 9 April 2011)
  2. abcdefgh[1]Archived 2012-02-10 at theWayback Machine.(dipunundhuh tanggal 9 April 2011)
  3. abcdefghijkl[2](dipunundhuh tanggal 9 April 2011)
  4. abc[3](dipunundhuh tanggal 9 April 2011)
  5. Situs Lintas Berita.com: Keajaiban alam koloni semut terbesar di duniaArchived 2011-08-28 at theWayback Machine.(dipunundhuh tanggal 9 April 2011)

Pranala njaba

[besut |besut sumber]
Wikimedia Commons duwé médhia ngenaniAnt.
Wikispecies duwé tetélan sing gegayutan:Formicidae
Kéwan gegremetan
Bedigal  • Gambreng  • Jangkrik  • Kalamendhe  • Kalamangga  • Kalajengking  • Klabang  • Kupu-kupu  • Luwé  • Mrutu  • Orong-orong  • Semprang  • Semut  • Tuma
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Semut&oldid=1659777"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp