Artikel iki macakaksara Jawa. Menawa pangluru sampéyan durung njurung karakter iku, sampéyan mokal ndeleng sawenèh tulisan sing nganggoaksara Jawa ing kaca iki. Kanggo ndandani, wacanaPitulung:Aksara Jawa.
Sempritan
Sempritan ya iku piranti cilik sakakayu,plastik,logam utawa kang sejenis, kang bisa muni (ngetokaké suwara) nalika disebul. Lumrahé sempritan wujudé lonjong lan duwé bolongan cilik ing sisih ndhuwur kanggo ngobahake hawa nalika sempritan disebul.Piranti iki bisa muni amarga nalikane disebul aliran hawa bakal pisah déning plat tipis ing sempritan, lan sabanjuré hawa iku mau banjur gesrekan lan gawé suwara.
Lumrahé sempritan diunekake kanthi disebulcangkem. Nanging ingsepur kluthuk lan ingkapal uwab uga dipasangi piranti kang bisa ngasilaké suwara kanthi prinsip kerja pada sempritan. Bakul panganan kang jenengeputhu uga migunakaké piranti kaya déné sempritan kang tansah muni amarga disebul ngangguuwab sakapanci dagangane.
Sempritan umum dinggo déningwasit tandhinganulah raga minangkaaba-aba kanggoatlit kang lagi tandhing. Pulisi uga migunakaké sempritan kanggo paring aba-aba marang wong kang liwat ing dalan.Tumrapepramuka lansaradhadhu, sempritan uga kanggo piranti weneh aba-aba lan kirimsandhi morse.