Sega mawi basa kramasekul inggih punikaberas ingkang sampun dipungodhog utawi dipuntanak. Prosés nggodhog beras kasebat ugi ngliwet. Beras dipuntanak supados mbangkitaken aroma sekul lan ndadosaken langkung empuk nanging tetep kajagi konsistènsinipun. Ndamel sekul mawitoya ingkang kekathahen ing wekdal ngliwet badhé ngasilakenbubur.
Werna sekul ingkang sampun mateng (tanak) warna-warna gumantung saking jinis beras ingkang dipun-ginakaken. Umumipun, warna sekul punika pethak manawi beras ingkang kagunakaken wernanipun pethak. Beras abrit utawi beras ireng badhé ngasilaken warna sekul ingkang mèmper kaliyan warna berasipun. Kandhunganamilosa ingkang asor ingpati beras badhé ngasilaken sekul ingkang langkung transparan lan léngkét.Ketan, ingkang patinipun namung ngandhut sakedhik amilosa lan méh sadaya wujudamilopektin, gadhah sipat kados makaten. Beras Jepang (japonica) kanggésushi ngandhut kadhar amilosa kirang langkung 12-15% saéngga sekulipun langkung léngkét tinimbang sekul ingkang dipunkonsumsi ing Asia Tropika, ingkang kadhar amilosanipun kirang langkung 20%. Umumipun, beras kanthi kadhar amilosa langkung saking 24% badhé ngasilaken sekul ingkang 'pera' (boten lekat, atos, lan gampil kapisah-pisah).
Sekul dipundhahar sapérangan ageng pendhudhukAsia lan dados sumberkarbohidrat utami ing menu sadinten-dinten. Sekul ingkang dadosmakanan pokok limrahipun dipuncawisaken sesarengan kaliyan lawuh ingkang saged nglengkapi raos lan ugi nglengkapi kabetahan gizimanungsa. Sekul saged dipunolah malih sesarengan kaliyan bahan panganan sanèsipun dados masakan énggal, kadossekul goréng,sekul kuning utawisekul kebuli.