Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Saté

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Saté
Saté Blora
Panggonan asalIndonésia
Tlatah utawa prajaJawa
Woworan pokokdaging
Buku masakan: Saté Médhia: Saté

Saté ikupanganan awujud masakan kang digawé sakaiwak kang disunduki sujèn lan digarang ing dhuwurareng, banjur didhahar karosambel kacang.[1] Saté ana manèka werna, anasaté pitik,saté wedhus,saté kebo,saté sapi,saté jaran lan saté saka iwak liyané.[1] Sambel kanggo saté lumrahé ana rong warna, ya ikusambelkacang lansambelkécap.[1]

Jinis saté

[besut |besut sumber]

Miturut bahan iwaké

[besut |besut sumber]

saté pitik,saté buntel,saté wedhus,saté kerang,saté kalong (digawé saka kebo),saté laler (digawé saka daging wedhus utawa pitik),saté lembat,saté pentul,saté sapi,saté urang,saté babi,saté kelinci,saté endhog enom,saté torpedo,saté babi,saté jamu,saté bulus,saté bekicot,saté ula,Saté jaran[1]

Sate Buntel

[besut |besut sumber]

Sate buntel kalebu panganan mligiSala.[1] Sate buntel digawé saka iwakwedhus kang kairis dadu cilik-cilik.[1]Lemak saka iwakwedhus langsung leleh yèn digarang.[1] Lemak kang ngresep ing iwak, bakal gawéiwaké saya énak.[1] Iwakwedhus rasanégurih,empuk, saya énak yèn dipangan karo sambel kecaplombok rawit.[1]

Sate buntel iki rasané énak lan wujudé katon apik.[1] Sate buntel iki uga ana campuran resep sakaArab.[1] Sate buntel digawé saka iwakwedhus kang diiris kotak-kotak lan dicampur bumbu kayabawang,brambang lanmrica.[1] Iwak kang wis dibumboni banjur digawé empel-empelan ing sada banjur dibungkus utawa dibuntellemak wedhus kang tipis.[1]Sawisé mateng sate dijupuk saka sada lan disigar loro, banjur dibakar manèh supaya ora ana daging kang gembel.[1] Sate kang asalé gedhé sawisé dibakar banjur dadi cilik.[1]Sate buntel rasané gurih lan bumbune ngresep ing sate.[1] Saliyané iku, ambune uga énak lan sedhep.[1] Saporsi sate buntel lumrahé bisa dipangan wong loro, amarga ukuran satene kang gedhé banget.[1] Sawisé mateng, sate buntel banjur diwènèhi kecap kang rada encer,bawang lanbrambang kang diiris-iris,timun lansambel.[1]Sate buntel paling énak dipangan yèn lagi mateng amarga satene isih anget lan lemake isih krasa banget.[1]

Saté kelinci

[besut |besut sumber]

Sate kelinci ya iku satè kang digawé saka iwakkelinci.[2] Sate kelinci kalebupanganan kang asalé sakaCirebon.[2] Satèkelinci uga akèh khasiaté, salah sijiné bisa kanggo wanita kangmandhul, lan lelaraimpoténsi.[2]

Bahan lan bumbu[3]

  1. iwakkelinci, dikethok cilik-cilik lan di gawé satè, carané disunduhuki nganggo sundhuk satè[3]
  2. 1 onsbawang[3]
  3. 1/2 kgkacang brol[3]
  4. 1/4gula abang[3]
  5. 10lombok abang[3]
  6. 10lombok rawit[3]
  7. 10 lembargodhongjeruk nipis[3]
  8. 5 siyungbrambang, rajang alus[3]
  9. banyuputih sacukupe[3]
  10. kecap[3]

Cara masaké[3]

  1. Bawang, kacang brol, lombok abang, lombok rawit digoréng sangan[3]
  2. Aluske bahan-bahan mau kanthi diuleg nganti alus[3]
  3. Tambahke gula abang, godhong jetuk nipis banjur uleg manèh[3]
  4. Bagi bumbu kacang dadi loro, separo kanggo mbakarsate separo kanggo bumbu yèn wis mateng[3]
  5. Celupna satè ing bumbukacang, banjur bakar nganti mateng[3]
  6. Satè sing wis mateng banjur diséléhaké ing piring lan diwénéhi sambel kacang[3]
  7. Wuwuribrambang kang wis dirajang[3]
  8. Satè bisa dipangan karo sega utawalontong[3]

Saté Jamur

[besut |besut sumber]

Saté jamur cocog kanggo paravégétarian.[4] Satè iki rasané meh pada kayasaté pitik nanging bahané saka jamur.[4] Jamur kang dienggo nggawé saté bisajamur merang lan ugajamur kancing.[4]Bahan:

  1. 500 gramjamur kancing utawajamur merang, kethok dadi loro[5]
  2. 1/2 gelas banyu asemjawa[5]
  3. 2 sdmkécaplegi[5]
  4. 2 lembargodhongjeruk[5]
  5. 1/4 sdt uyah[5]
  6. 3 sdm lengo goréng[5]
  7. tusuk saté[5]

Bumbu kang dialuske

  1. 1 ruas drijilaos[5]
  2. 1 ruas drijijaé[5]
  3. 50 gramkemiri[5]
  4. 2 siyungbawang[5]
  5. 5 butirbrambang[5]
  6. 5 sdmgula abang[5]

Cara nggawé

  1. panaskélenga goréng, tumis bumbu kang dialuské, udheg nganti ambuné wangi[5]
  2. campurké jamur, masakjamur ngantialum[5]
  3. sunduki 4-5 jamur nganggo sunduksatè[5]
  4. bakar ngantijamurmateng[5]

Miturut laladan

[besut |besut sumber]

saté Banjar,saté Betawi,saté Blora,saté Madura,saté Maranggi,saté Matang,saté Padang,saté Ponorogo,saté Tegal,saté sapi khas Ungaran,saté rambat (saté monyet)

Gladri Saté

[besut |besut sumber]
  • sate
    sate
  • eco sanget
    eco sanget
  • Sate Bulayak
    Sate Bulayak
  • sate kambing
    sate kambing
  • sate kambing lan ayam
    sate kambing lan ayam
  • mantep rasané
    mantep rasané
  • sate buntel
    sate buntel
  • sate ponorogo
    sate ponorogo
  • sate padang
    sate padang
  • karo sega
    karo sega
  • karo lontong
    karo lontong
  • sate ayam gurih
    sate ayam gurih
  • Sate kikil
    Sate kikil
  • Sate ayam Jalan Veteran
    Sate ayam Jalan Veteran

Cathetan suku

[besut |besut sumber]
  1. abcdefghijklmnopqrst[1](dipunundhuh tanggal 10 April)
  2. abc[2](dipunundhuh taggal 10 April)
  3. abcdefghijklmnopqrst[3][pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 10 April 2011)
  4. abc[4](dipunundhuh tanggal 10 April 2011)
  5. abcdefghijklmnopq[5]Archived 2010-05-09 at theWayback Machine.(dipuundhuh tanggal 10 April 2011)

Uga delengen

[besut |besut sumber]
Saté miturut jinising dagingé
Saté miturut asal
Delengen ugaMasakan Indonésia


Umum
MasakanBali
MasakanJawa
MasakanSundha
MasakanBetawi
MasakanMinangkabau
MasakanSumatra lanMelayu
MasakanBatak
MasakanManado
MasakanMakassar lanBugis
MasakanMaluku lanPapua
MasakanChina Indonésia
Jajanan
Ombèn-ombèn
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Saté&oldid=1659731"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp