Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Sastra

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Sastra iku sawijingtembung silihan saka BasaSansekerta; "śāstra", kang tegesé "tulisan" utawa "buku", saka tembung dhasar "śās-" kang tegesé "weruh". Ingbasa Jawa, tembung iki lumrahé dienggo ngarani "kasusastran" utawa sajinising tulisan kang duwé arti utawa kaéndahan tartamtu. Nanging, tembung "sastra" ugi bisa ngarani kabèh jinis tulisan, apa iki éndah apa ora.Karya sastra ugi dipungginakaken kanggé médhia mratelaaken pengalaman panggangit. Ukara, tembung, lan basa ingkang dipun-ginakaken déning panganggit punika basa ingkang éndah saéngga dadosaken raos remen kanggé tiyang ingkang maos. Prastawa-prastawa ingkang dipunangkat panggangit boten namung prastawa ingkang saé kemawon nanging ugi prastawa ingkang awon wontening salebeting cariyos. Nanging saking cariyos éndah utawi awon punika kita saged mundhut sari pathinipun. Pangganggit ugi saged mangaribawa kabudayan masarakat tinamtu ing salebeting karya sastra ingkang dipunanggit, kados ta pola pikir masarakat.

Saliyané iku, tembung sastra bisa dibagi dadi sastra tulis lansastra lésan (sastra oral). Ing kéné sastra ora akèh gathuke karo tulisan, nanging gathuké karoBasa kang didadèkakéwahana kanggo ngèjawantahké pangalaman utawa pamikir tertentu.

Biasane kasusastran dibagi miturut laladan géografis utawa basa.

SastraNusantara

[besut |besut sumber]

Genre utawa jinis karya sastra

[besut |besut sumber]

Tembunggenre asalipun saking basaPrancis ingkang tegesipun inggih punika jinis. Lajeng,genre sastra inggih punika jinisipun karya sastra.Aristoteles ing dalem tulisanipun ingkang kaloka kasebutPoetica, ngemot dhasar-dasaripun téyorigenre. Téyori punika inggih ngemot jinis karya sastra ingkang tumuju marang karya sastraYunani klasik, nanging ingkang saé saking téyori punika inggih téyorinipun saged dipunlebetaken ing karya sastra ingkang sedaya nagari.Miturut Aristoteles, karya sastra ingkang dasaripun saking perwujudanipun punika dipunpérang dados 3, inggih punikaepik,lirik, landrama.[1]Epik inggih punika tèks ingkang sepalihipun ngemot diskripsi, lan sepalih ingkang lintu ngemot tokoh (cakapan).Epik uga saged dipunaraniprosa.Lirik inggih punika ungkapan ide utawi perasaanipun pengarang. Ing dalem babagan punika ingkang dipunrembag inggih "aku"lirik, ingkang limrahipun mau juru gurit.Lirik punika ingkang wayah saiki kaloka dadosgurit utawisajak, inggih karya sastra ingkang ngemot èksprèsi perasaan pribadi ingkang luweh ngutamakaken carané damel èksprèsi.Drama inggih punika karya sastra ingkangdominasi guneman sedaya paraga. Kriteriadrama ingkang bèntenaken inggih wonten 2 warni karya sastra lintunipun inggih hubunganipun manungsa kaliyan donya panggènan lan wekdal.Lirik sipatipun subjektif, sebabipun namung ngendikakaen donya juru gurit.Drama sipatipun objektif, sebabipun boten ngemotaken donya parekanipun, tanpa diskripsi ing sajabone objektif.Epik inggih punika campuran antawisipun subjektif lan objektif. Wekdal ing dalem karya sastraepik ngalir linear (kronologis utawiflashback); ing dalemdrama wekdal dipunnyatakaken utawi ingkang kedadeyan sapunika; lan ing dalemlirik wekdal kados atos, sebab sajatosipunlirik boten kaiket kaliyan wekdal.[2].

Prosa lan Puisi

[besut |besut sumber]

Puisi mawi cara konvensional saged dipuntegesi dados tuturan ingkang kaiket (émosi, imajinasi, pikiran,nada, ide, baris,bait,rima, lan saklintunipun).Prosa inggih karangan. Perlu sanget dipunrembag tegesipunprosa langurit miturut A.W. De groot ingkang dipunsitir déning Rachmat Djoko Pradopo[3].

  • Kesatuan korespondensiprosa inggih punika kesatuansintaksis, nanging kesatuan korespondensigurit inggih punika kesatuan akustis.
  • Korespondensigurit ngemotsajak, nangingprosa boten gadhah korespondensi.
  • Ingdalem barissajak wonten periodisitas saking awal dumugi akir, nanging ing dalemprosa boten wonten periodisitas.

Bèntenipunprosa kaliyangurit inggih sajatosipun kaemot ing kadar padhetipun sedaya punika. Pramila, karya sastra punika manawi padhet saged kasebat gurit lan manawi boten padhet punika kasebat prosa. Meniko sebabipun muncul tembunggurit ingkang prosais lanprosa ingkang puitis. Sifatprosa ingkang utami inggih punika ngudari langurit madhetaken. Bahan mliginipun inggih sami, punika persoalanipun manungsa.Prosa punika èksprèsi nyusun cariyos (konstruktif),gurit punika èksprèsi nyiptakaken curahan jiwa (kreatif). Rumus: x + y = z. X = pengalaman, y = renungan, imajinasi, lan tèhnik, z = hasilipun inggih punika cariyos ingkan sampun dipunreka. Werni-warni cariyos reka daya punika ing dalem sastra modhèren, hiyo ikunovèl,carkak, lannovela.Novèl inggih punika cariyos reka daya ingkang langkung dawa, ingkang ngemot paraga, aluripun, lan setting utawi latar.Cerpen inggih punika cariyos ingkang cendhak, ingkang musataken ing kaanan ingdalam wekdal punika, mliginipun inggih konflik.Novela inggih punika cariyos reka daya ingkang luweh dawa lan angèl sakingcarkak, nanging boten langkung dawa kadosnovèl, isinipun boten dipunputusi ing satunggal kaanan kedadeyan, lan konflik.

Drama

[besut |besut sumber]

Tembungdrama asalipun punika saking basaYunanidraomai ingkang tegesipun nindakaken.Drama inggih paragaan cariyos utawi lakonan ing kauripan manungsa ingkang dipunpentasaken.Drama ing dalem karya sastra wujud naskahdrama.Drama salintunipun dados karya sastra uga dados karyaseni. Prosès kadadeanipundrama inggih saged dipundamel rumus nganggé formula 4 M.-M-1: Menghayalkan (ngayalaken)-M-2: Menuliskan (nulisaken)-M-3: Memainkan (maragakaken)-M-4: Menyaksikan (mirsani)Drama dados karya sastra namung ngantos tahap M-2. Umumipun naskahdrama ngemot 10 susunan karakter, antawisipun:1. Susunan jeneng paraga2. Sinopsis3. Urutanipun nomer dialog kaliyan jeneng paraga4. Nyantumaken tandha baca ingkang nyata5. Menehi penjelasan dados keterangan ing dalem tandha kurung6. Menehi tandha bagianipun ilustrasi musik7. Nyusun urutan tembung dan kalimat ingkang nyata8. Ngemot pokok pikiran ingkang nyata ing dalem dialog9. Menehi tandha panggantos babak ingkang nyata10. Ngakhiri cariyos kaliyan kalimat ingkang padhetMiturut isinipun,drama kebagi dados 8 warni, antawisipun:

  • Tragedi:drama ingkang nyariosaken kesedihan
  • Komedi:drama jenaka ingkang ngemot sindiran utawi kritik
  • Tragedi-komedi:drama ingkang nyariosaken kesedihan uga jenaka
  • Opera:drama ingkang tuturanipun wujud lagu-lagu
  • Operet:drama kados opera nanging luweh cendhak
  • Tableau:drama nanging boten wonten tuturanipun, paraga namung ngandhalaken obah patah-patah (pantomim)
  • Minikata:drama ingkang migunakaken tuturan singkat ingkang ngandalaken obah teatrikal
  • Lawakan:drama ingkang sedayanipun ngemot humor saéngga isi cariyos boten wigati.

Kesimpulanipun, objek ngèlmu sastra inggih punikaprosa,gurit, landrama, ingkang rincianipun wujudgurit,novèl,carkak,novela, lan naskahdrama.

Rujukan

[besut |besut sumber]
  1. Teeuw, A: "Membaca dan Menilai Sastra", kaca 109. Gramedia, 1983
  2. Hartoko, Dick lan B. Rahmanto: "Pemandu di Dunia Sastra", kaca 53. Kanisius, 1986
  3. Pradopo, Rachmat Djoko:"Pengkajian Puisi", kaca 112. Gadjah Mada University Press, 1998
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Sastra&oldid=1732207"
Kategori:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp