Saoirse Ronan nalika gebyagan filme City of Ember taun 2008
Saoirse Una Ronan (/ˈsɜːrʃəˈuːnəˈroʊnən/SUR-shə; lair ing tanggal 12 April taun 1994)[1][2][3] ya iku paraga wédok Irlandia. Dhèwèké ping pindho lumebu nominasi ing Academy Award; dhèwèké nampa nominasi Best Supporting Actress nominasi nalika ing filem Atonement (2007), lan Best Actress nominasi nalika ing filem Brooklyn (2015). dhèwèké uga nampa telung nominasi saka BAFTA Award , loro nominasi ing Golden Globe , loro nominasi ing Screen Actors Guild loro nominasi ing Satellite Award.
Saoirse miwiti debut filem iku ing filem komedi romantis ya iku I Could Never Be Your Woman (2007). lan uga peran ing filem liyané kalebu City of Ember (2008),The Lovely Bones (2009),Hanna (2011),The Way Back (2010),Byzantium (2012),The Host (2013), lan The Grand Budapest Hotel (2014).
Ing wulan Januari taun 2016, Ronan lumebu ing majalah Forbes '30 Under 30' ing èdisi Éropah lan Amérika.[4]Ing wulan Maret taun 2016 Ronan miwiti debut Broadway ing kebangkitané The Crucible, main peran minangka Abigail Williams.[5] Ing wulan Juni taun 2016, Ronan metu ana ing sampul majalah TIME Magazine, salah sijiné saka sepuluh pemimpin sing dipilih minangka ' Pemimpin génerasi sabanjuré'.[6]