Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Sandara Park

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Sandara Park (Korèa: 박산다라) uga kondhang aran panggungéDara (Korèa: 다라) ya iku penyanyi, aktris, lan pawara acara TV asalKoréa Kidul. Lair ing kutha Busan tanggal 12 Novèmber 1984, Dara wiwit kondhang ingPilipina sawise dadi juara loro acara lomba bakatStar Circle Quest ing taun 2004[1], Dara suksès dadi penyanyi lan pemain pèlem ing Pilipina nganti dhèwekè pindhah menyang Korèa Kidul ing taun 2007[2]. Dara debut ing Korèa Kidul dadi anggota grup2NE1 karoPark Bom,CL, lanMinzy taun 2009, grup iki uga dadi grup penyanyi wadon paling laris kabèh wektu sadurungé bubar ing taun 2016[3].

Sandara Park ing Pagelaran Busana Paris 2019

Babad slira lan karir

[besut |besut sumber]

Wiwit urip

[besut |besut sumber]

Sandara Park lair 12 Novèmber 1984 ing kuthaBusan,Koréa Kidul. Arané sing ketata teka 4 huruf kelebu jarang ing Korèa, artine "bijak lan moncèr". Dara duwé dulur kandhung ya iku Thunder, mantan anggota grup penyanyi lanangMBLAQ, lan adik wadon ya iku Durami.

Kulawarga Park pindhah menyang Daegu ing 1993. Kanggo mbangun karir, kaluwarga Park pindhah menyangPilipina taun 1994, miturut Dara, dhèwèké wiwité kesepian ing Pilipina amarga ora lancar Basa Pilipina, banjur dhèwèké kerja keras sinau amarga kepingin dadi artis kayaSeo Taiji and Boys sing kondhan ing Korèa taun 1992[4].

2004-2007:Star Circle Quest lan kondhang ing Pilipina

[besut |besut sumber]

In taun 2004, Dara ketemu karo aktris Pilipina Pauleen Luna lan ngongkon Dara mèlu audisi bakatStar Circle Quest sing disiarké ing stasiun TV ABS-CBN, ing pungkasan acara Dara dadi juara keloro ing ngisor Hero Angeles.

Sawisé acara iku, Dara tandatangan kontrak ing agen ing ngisoré ABS-CBN ya iku Star Magic lan ing taun 2004 Dara tampil ing pèlem pertamanéBcuz of U karo Hero Angeles. Dara lan Hero Angeles uga tampil ing pèlemCan This Be Love taun 2005, pèlem iki sukses gedhé ing Pilipina nganti kasil 100 juta pèso[5]. Pèlem ketelu Dara diluncuraké ing taun 2006 sing juduléD' Lucky Ones karo alumni Star Circle Quest ya iku Joseph Bitangcol. Ing taun 2006 iku Dara uga ngeluncuraké pèlem kepapaté ya ikuSuper Noypi, pèlem iku kalebet ing Pestipal Pèlem Métro Manila ke32.

Saliyané tampil ing pèlem, Dara uga tampil dadi penyanyi, Dara babar album pertamanéSandara lan lagu andalané "In or Out", album iki kasil jumlah pangadol 100.000 unit, album iki dadi siji-sijiné album artis Korèa sing nampa sèrtipikat platinumPhilippine Association of the Record Industry[6].

Dara pindhah menyang Korèa bareng kulawargané taun 2007 kerana ora nerusaké kontrak karo Star Magic lan gabung ingYG Entertainment.

2009-2012: Debut karo 2NE1 lan kagiatan solo

[besut |besut sumber]

Sadurungé resmi debut lèwat lagu "Fire", 2NE1 ngeluncuraké lagu bareng kanca labelé Big Bang sing judulé "Lollipop" ing taun 2009. Ing taun sing padha, 2NE1 ngeluncuraké album debuté2NE1 lan kasil sukses lèwat lagu "I Don't Care", lagu iki menang panghargian Lagu Taun Iki ing acaraMnet Asian Music Awards taun 2009.

Dara uga ngeluncuraké kagiatan debut soloné ing taun 2009. Dhèwèké dadi penyanyi tamu ing lagu "Hello" ing albumHeartbreaker saka anggota Big Bang G-Dragon, banjur dhèwèké ngeluncuraké lagu solo pertamané "Kiss" karo anggota 2NE1 liyané ya ikuCL sing ngisi bagian rap. Dara uga muncul ing vidèo lagu Taeyang sing judulé "I Need A Girl".

Kondhangé 2NE1 ingKoréa Kidul dadikaké pèlem-pèlem Dara ing Pilipina kayaBcuz of U,Can This Be Love, lanD' Lucky Ones uga ditayangaké ing Korèa taun 2012.

2013-2014: Bali menyang Pilipina lan main pèlem

[besut |besut sumber]

Mèi 2014, stasiun tv Pilipina ABS-CBN ngumumaké Dara bakal dadi tamu ing acaraPinoy Big Brother, berita iki dadi héboh ing jagad twitter Pilipina lan dunya[7]. Sawise ngisi acara iku, Dara uga tampil ing pira-pira acara tv liyané kaya taAll In Über, lan acara wicara paling kondhang ing Pilipina ya ikuGandhang Gabi, Vice!

Sawisé aktipitas ing Pilipina, Dara nggantikaké kancané Yoo In-na dadi penyiar ing acara radioLet's Crank Up the Volume saka sasi Mèi tekan Juni, ing taun iki Dara uga tampil dadi pemeran pembantu ing drama kondhangMy Love from the Star lan sérial wèbWhat's eating Steven Yeun, sérial iku kondhang ing Korèa lan ditonton sejuta penonton sawisé dibabar pira-pira dina.

2015: Kagiatan peran ing sèrial wèb lanSugar Man

[besut |besut sumber]

Ing taun 2015, pitu taun saka kagiatan peran terakhiré ing Korèa, Dara main pèlem cendhek utawa sèrial wèb bareng aktor Kim Young-kwang ing Dr. Ian, sèrial iki dadi kondhang amarga Dara pertama kali main pèlem dadi pemeran utama sakat bailné ingKoréa Kidul`, sèrial iki ora mung kondhang ing Korèa nanging uga ing mancanagara kaya taAmérikah Sarékat,Taiwan, lanTanah Thai, ditonton lebih teka 500,000 penonton mung telu dina sawise dibabar. Lèwat sèrial iki Dara menangi panghargian "Pemeran Wadon Paling Apik" ing Fèstival K-wèb.

Ing taun iki pisan Dara tampil ing panggung kanca selabeléJinusean nyanyi lagu "Tell Me" ing acaraYoo Hee-yeol's Sketchbook. Penampilan apiké iku dadi alasan dhèwèké diajak manèh ing lagu Jinusean liyané ya iku "Tell Me One More Time" lan mèlu tampil ing panggungMusic Bank acara tv KBS2.

Dara main pèlem maneh lan dadi pemeran utama ingWe Broke Up, drama wèb sing diangkat teka carita kartun wèb. Ing pèlem iku dhèwèké dadi Noh Woo-ri, wadon sing optimis lan pinter nyiapké awak golék penggawéan. Dibabar ing sasi Juni, drama wèb iki sukses lan dadi drama wèb paling akèh ditonton ing Naver kepapat, ditonton lebih teka 16 juta penonton. Kerana kondhangé drama iki, pemainé nganakaké "konsèr cilik" ing tanggal 17 Agustus. Dara uga muncul ing drama tvThe Producers dadi pemeran pembantu, lan tampil pisan ing acara ragam2 Days & 1 Night bareng kanca pèlemWe Broke Up ya ikuKang Seung-yoon.

Ing 15 Sèptember Dara main ing sèrial wèb romantis-lawakMissing Korea, sanajan ora kondhang kaya sèrial wèb sadurungé, Dara tetep kasil nominasi "Pemeran Wadon Paling Apik" ing Fèstival K-wèb taun 2016.

Ing taun iki Dara gabung ing acara ragam JTBCSugar Man sakat taun 2015 nganti 2016 bareng pewara kondhangYoo Jae-suk, lanYoo Hee-yeol, posisi Dara sing dadi direktur hubungan masyarakat ingYG Entertainment, artis-artis YG kaya taAkmu,Winner,IKON, lanLee Hi bisa tampil ing acara iku, ing pira-pira episode sing Dara ora bisa tampil, kancané ya iku Yoo In-na nggantikaké.

Rujukan

[besut |besut sumber]
  1. News, ABS-CBN."How Sandara trained to become a K-pop star".ABS-CBN News. Dibukak ing2019-11-24.{{cite web}}:|last= has generic name (pitulung)
  2. "Sandara Park's Pinoy Movies To Be Shown In Korea | The Manila Bulletin Newspaper Online".web.archive.org. 2012-06-23. Diarsip saka asliné 2012-06-23. Dibukak ing2019-11-24.{{cite web}}: CS1 maint: bot: original URL status unknown (link)
  3. "Ten best selling girl groups of all time".ITV News (ing basa Inggris). Dibukak ing2019-11-24.
  4. "[스타일기]산다라박② "벙어리로 살았던 시절엔.." :: 네이버 TV연예".web.archive.org. 2017-12-22. Diarsip saka asliné 2017-12-22. Dibukak ing2019-11-29.{{cite web}}: CS1 maint: bot: original URL status unknown (link)
  5. "Sandara Park's Pinoy Movies To Be Shown In Korea | The Manila Bulletin Newspaper Online".web.archive.org. 2012-06-23. Diarsip saka asliné 2012-06-23. Dibukak ing2019-11-29.{{cite web}}: CS1 maint: bot: original URL status unknown (link)
  6. "Inspiring return".Manila Bulletin Entertainment (ing basa Inggris Amérika Sarékat). Diarsip sakasing asli ing 2019-07-17. Dibukak ing2019-11-29.
  7. S; Uber”, ara Park Guest on “PBB; Confirmed, “PBB All In” (2014-05-13)."Sandara Park Guest on "PBB Uber" & "PBB All In" Confirmed".Philippine News (ing basa Inggris Amérika Sarékat). Dibukak ing2019-12-03.
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Sandara_Park&oldid=1659699"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2026 Movatter.jp