Stadion San Siro utawaStadion Giuseppe Meazza iku salah siji stadion ing kuthaMilan,Italia. Stadion iki dadi kandhange rong grupbal-balan kang misuwur ing Italia, ya ikuInter Milan lanA.C. Milan.[2][3]
Ing stadion iki saben taun nemokakae grup bal-balan kang misuwur ing kutha Milan, ya iku antarané A.C. Milan lan Inter Milan, kang asring diaraniderby Della Madonnina.[3] Antarane rong grup iki wis suwé anggoné musuhan, ora mung pendhukunge sing asring musuhan nalika ana bal-balan, nanging prakara njenengi stadion uga dadi prakara.[3] Miturut pendhukunge A.C. Milan, stadion iki diarani San Siro, nanging miturut pendhukunge Inter Milan stadion iki diaraniGiuseppe Meazza.[3]JenengGiuseppe Meazza dijupuk saka jeneng juru main kang misuwur ing taun 1940-an ing grupbal-balanInter Milan. Kanggo ngenang juru main iku banjur para sporter Inter Milan njenengi stadion ikiStadion Giuseppe Meazza. Jeneng Stadion San Siro dijupuk saka jeneng panggonan ngadeke stadion, ya iku distrik San Siro.[4]
San Siro ya iku stadioné klub bal-balanAC Milan kang dianggo bareng karo klub bal siji manèh ya iku klubInter Milan. Stadion iki amot 85.000 wong. Suporter AC Milan nyebutna San Siro kanggo stadion iku amarga mbiyèn stadion iku dijenengiGiuseppe Meazza ya iku juru main bintang saka Inter Milan. Saiki suporter Inter Milan isih nyebut stadion iku Giuseppe Meazza lan suporten AC Milan nyebut San Siro.
Stadion iki dibangun wiwit taun1925 ing San Siro. Wiwitane stadion iki diwènèhi jenegNuovo Calcistico Stadion San Siro. Stadion iki diresmikake tanggal19 September1926, nalika iku ana bal-balan antarne Inter Milan musuh A.C Milan kang dideleng 35.000 suporter, kanthi asil 6-3 menang Inter Milan.Grup bal-balan Italia uga migunakaké lapangan iki kanggo bal-balan, tuladhané nalikaUEFA 2001. Saliyané iku uga minangka pinalPiyala Champions ing taun1970 lan1965.Stadion iki direnovasi kanthi gedhé nalika taun1990 lan ngentèkaké $ 60.000.000. Stadion iki sawisé didandani bisa lumebu standareUEFA.