Salat id ikusalat kang diayahi nalika mahargya dina riyaya IslamIdul Fitri lanIdul Adha. Salat id iku hukumé sunat, tegesé olèhpahala yèn ditindakaké nanging oradosa yèn ditinggalaké. Salat iki sanadyan sunat nanging kaprayogakaké banget saéngga kaprayogakaké supaya diayahi lan ora ditinggalaké. Malah ana sawatara kang nganggep wajib tumrap wong lanang lan wadon kanthi dhasar hadis saka Ummu ‘Athiyah, panjenengané ngendika:أَمَرَنَا – تَعْنِى النَّبِىَّ-صلى الله عليه وسلم-– أَنْ نُخْرِجَ فِى الْعِيدَيْنِ الْعَوَاتِقَ وَذَوَاتِ الْخُدُورِ وَأَمَرَ الْحُيَّضَ أَنْ يَعْتَزِلْنَ مُصَلَّى الْمُسْلِمِينَ.“Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam mrintahaké marang kita nalika salat id (Idul Fithri lan Idul Adha) supaya ngetokaké para wanita (kang nembé ngancik diwasa) lan wanita kang dipingit, semono uga wanita kang pinuju haidh. Nanging panjenengané mrintahaké wanita kang pinuju haidh supaya ngadohi papan salat.[1]
Alesan wajibé salat id diandaraké déning Shidiq Hasan Khon (murid Asy Syaukani).
Adegaké salat lan anakakéqurban (an nahr). (QS. Al Kautsar: Maksud ayat iki yaiku préntah supaya ngayahi salat id.
Salat Idul Fitri lumrahé dianakaké ing lapangan. Déné ukum Salat Idul Fitri yaiku sunat mu'akkad. Sadurungé salat, kaum muslimin ngumandhangakétakbir.
Takbir dikumandangaké sawisé teka sasi Syawal. Saliyané ngayahi Salat Sunat Idul Fitri, kaum muslimin uga diwajibaké bayarjakat pitrah[3][4] kang akèhé saben wong 2,7 kilogram bahan panganan pokok. Tujuan sakai jakat pitrah iki kanggo andum kabegjan marang para fakir miskin. Sawisé salat disunnahaké midhangetaken kutbah kang diterusaké maca donga. Sawisé rampung, kaum muslimin banjur padha salaman silih apura siji lan sijiné. Kadhangkala ana kang diterusaké ngayahi ziarah kubur.[5]
Tradhisi kang biyasa dilakoni ing Indonésia saben ngadhepi dina dina Iedul Fitri yaiku wujud silaturahmi marang wong tuwa lan sanak kadang liyané. Kanggo kaperluan silaturahmi lan njaluk ngapura marang wong tuwa iki banjur akèh wong kang mulih menyang kampung asalé kang kerep ingaran acaramudik. Tradhisi mudik iki njalari dalan-dalan banjur dadi macet. Tradhisi liya kang lumrah yaiku mangan kanthi menu utama wujudkupat kang lumrahé nganggo lawuhopor utawajangan lodhèh.
Salat Iedul Fitri diayahi rongrakangat. Ing rokaat pisanan sawisé takbiratul ihram ditambah takbir kaping pitu, lan ing rakangat kapindho takbir kaping lima. Ing antarané takbir mau kaprayogakaké maca hamdallah, muji Allah lan shalawat marangMuhammad S.A.W. Sawisé takbir tambahan, imam salat maca ta’awudz, suratAl Fatihah banjur maca suratKuran kanthi kombinasi:
Tatacara sabanjuré padha karo ing salat-salat liyané.Sawisé rampung salat Idul Fitri kaprayogakaké ngrungokaké kutbah.
Adab-adab salat Idul Fitri:
Wacan takbir yakuwi:
Arab | Latin | Pertalan |
---|---|---|
الله أكبر الله أكبر الله أكبر | Allahu akbar, Allahu akbar, Allahu akbar | Allah Maha Agung, Allah Maha Agung, Allah Maha Agung |
لا إله إلا ال | la ilaha illa Allah | Ora ana Gusti kajaba Allah |
الله أكبر الله أكبر | Allahu akbar, Allahu akbar | Allah Maha Agung, Allah Maha Agung |
ولله الحمد | wa li-illahi al-hamd | Kabèh puji mung marang Allah |
Salat Idul Adha ikusalat sunat rong rokaat ing dina riyayaIdul Adha utawa Idul Qurban. Tatacarané amèh padha karo salat Idul Fitri, amung ana sawatara prabédan yaiku nalika mangkat tumuju papan shlat Iedul Fitri disunnataké mangan dhisik déné yèn arep mangkat salat Iedul Adha ora mangan dhisik.
![]() | Artikelngenani Islam iki minangkaartikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédiangembangaké. |