
Sajarah Batur Tukon ya iku sajarah anané batur tukon kang nyrambahi budaya, bangsa, lan kapitayan (agama), saka jaman kuna nganti wektu saiki. Sanajan mangkono, posisi batur tukon sacara legal, sosial, lan ékonomi iku béda-béda miturut sistemé, papané lan wektuné.[1]
Batur tukon iki arang anané ing populasi kang dumadi saka populasihunter-gatherer[2], amarga batur tukon iki tuwuh sangisore sistem tataran sosial (stratifikasi sosial)[3]. Batur tukon wiwit dilakokaké ing kauripan masarakat kang paling pisanan, (kaya taSumer ingMésopotamia,[4] kang bisa ditlesih wektuné ing kala kawuri saka 3500BC). Batur tukon uga kasebut ingCode of Hammurabi Mésopotamia (c. 1860 BC), kang dirujuk minangka sawijining institusi kang diyasa.[5] Batur tukon dadi umum sajroning Éropa nalikanéDark Ages lan terus tekanJaman Tengahan.Perang antarané Bizantium lan Osmani (1265–1479) lanperang Osmani ing Éropah (abad ka-14 nganti abad ka- 20) kasil nawan batur tukon Kristen kanthi gunggung kang akèh. Wong Walanda, wong Perancis, wong Spanyol, wong Portugis, wong Inggris, wong Arab, lan saweneh krajan Afrika Kulon duwé peran kang wigati ing padagangan batur tukon ing wewengkon Atlantik, utamané sawisé 1600.
Sanajan batur tukon iku wis ora diéntukaké manèh ing saindenging donya (kajaba anané buruh tahanan),[6] pangedolan manungsa isih dadi masalah internasional, lan yèn diwetara, nganti taun 2013, wus ana udakara 25-40 yuta wong kang didadèkaké batur tukon, akèh-akèhé ingAsia.[7]
Antaraning taun Perang Sipil Sudan Kaloro ing taun 1983–2005, akèh wong kang didadèkaké batur tukon.[8] Bukti-bukti anané sistem batur tukon lan pangedolan bocah-bocah ing sawijining kebon kakao ing Afrika Kulon, nuli katon udakara ing taun 1990-an.[9] Batur tukon terus lumaku nganti abad ka-21. SanajanMauritania ndadèkaké batur tukon minangka sawijining tumindak kriminal ing sasi Agustus 2007,[10] audakara 600.000 wong, utawa 20% saka populasiné Mauritania, isih akèh kang didadèkaké budhak, lan akèh saka wong-wong iku kang dadi batur utang.[11]
Summary characteristics of hunter-gatherer societies in the Standard Cross-Cultural Sample (SCSS). [...] Social stratification [: ...] Hereditary slavery 24% [...].
Slavery is rare among hunter-gatherer populations as slavery depends on a system of social stratification.
In Sumer, as in most ancient societies, the institution of slavery existed as an integral part of the social and economic structure. Sumer was not, however, a slavery-based economy.
e.g. Prologue, "the shepherd of the oppressed and of the slaves" Code of Laws No. 307, "If any one buy from the son or the slave of another man".