Sahadat ikurukunIslam kang kapisan lan minangka asas sarta dhasar kanggoné rukun Islam liyané. Sahadat minangka ruh, inti lan landhesan kabèh ajaran Islam.[1] Sahadat asring ingaran kanthi jenengSyahadatain amarga dumadi saka rong kalimat (Sajeroning basa ArabSyahadatain tegesé 2 kalimat Sahadat). Kaloro kalimat Sahadat imau yaiku:
Kalimat pisanan:
Asyhadu An-Laa Ilâha Illallâh
tegesé: Aku anyekséni manawa ora anaIlah/sesembahan ingkanghaq kajabaAllah
Kalimat kaloro:
wa Asyhadu Anna Muhammadar Rasulullâh
tegesé: lan aku anyekséni manawaMuhammad ikuRasul / utusan Allah.
Kalimat pisanan nuduhaké pangakontauhid. Maknané, muslim percaya yèn Gusti Allâh minangka siji-sijiné sesembahan kang kudu disembah.
Kalimat kaloro nuduhaké pangakon yènMuhammad iku utusan Allâh. Kanthi ikrar kalimat iki wong muslim mantapaké dhiri kanggo ngyakini ajaran Allâh kaya kang disampaéaké liwatMuhammadsaw, contoné ngyakinihadist-hadist Muhammad saw. Klebu ing jeroné yaiku ora percaya marangklaim kerasulan sawisé Muhammad.
Yèn kita tilik sabeneré kalimat LAA ILAAHA ILLALLAH ngandung rong makna, yaiku makna panulakan kabèh wangun sesembahan saliyanéAllah, lan makna ngukuhaké yèn siji-sijiné sesembahan kang bener mungAllah waé.
Magepokan karo mangertèni kalimat ikuAllah ta'ala maringifirman: "Mula weruhana yèn ora ana sesembahan kang bener saliyanéAllah" (QS Muhammad: 19)
Adhedhasar ayat iki, ngèlmoni makna Sahadattauhid iku wajib lan kudu didhisikaké tinimbang rukun-rukunIslam liyané. Séjéné iku Muhammad mratélakaké: "Sing sapa ngucapaké LAA ILAAHA ILLALLAH kanthi ikhlas bakal lumebu swarga" (HR Ahmad)
Kang dikarepaké kanthi ikhlas yaiku kang faham, ngamalaké lan ndhakwahaké kalimat mau sadurungé liyané, amarga ing jeroné ana kandhungantauhid kangAllah nyiptakaké alam awit iku. Rasul ngajak paman beliau Abu Thalib, nalika arep séda kanthi ajakan "Duh pamanku ucapké LAA ILAAHA ILLALLAH sawijining kalimat kang tak dadèké minangka hujah ing ngarsanéAllah", nangingAbu Thalib ora kersa ngucapaké lan séda sajeroning kaanan musyrik.
Rasulullah shallallahu alaihi wa sallam lenggah 13 taun ingMekah ngajak wong-wong kanthi ajakan beliau "Ujarké LAA ILAAHA ILLALLAH" lan wong-wong kafir njawab "Ibadah marang sesembahan kang siji, kita ora tau krungu saka wong tuwa kita ". Wongqurays ing Jaman Nabi faham banget makna kalimat mau, lan kang sapa kang ngucapaké ora bakal ndonga marang saliyané Allah.
Ikrar yaiku ujar sawenèh wong muslim ngenani apa kang diyakini. Nalika ngucapaké kalimat sahadat, kita duwé kawajiban kanggo ngedegaké lan merjuangaké apa kang kita ikrarkan mau.
Sumpah
Sahadat uga nduwé makna sumpah. Sawenèh wong kang ngucapaké sumpah, tegesé gelem nampa akibat lan résiko apa waé sajeroning ngamalaké sumpahé mau. Maknané, wong muslim iku siyap lan tanggung jawab tumrap tegaking Islam lan ajaran Islam.
Janji
Sahadat uga nduwé makna janji. Sawenèh muslim (kang ngucapaké sahadat) minangka wong kang nduwé janji setia kanggo mgrungokké lan tangat sajeroning kabèh kaanan marang kabèh préntah Allah, kang dikandhung sajeroning Kuran lan Sunat Rasul.
Syarat Sahadat yaiku tanpa iku apa kang diucapaké ora sampurna. Mulané yèn wong kang ngucapaké loro kalimat Sahadat tanpa duwé syarat-syaraté, bisa diarani Sahadaté ora sah.
Wong kang ngucapaké sahadat kudu nduwé kawruh bab sahadat. Dhèkné wajib faham isi rong kalimat kang diucapaké mau, lan gelem nampa konsekuensi ucapané.
Kayakinan
Wong kang ngucapaké sahadat kudu ngerti kanthi sampurna makna saka Sahadat tanpa gojak-gajek marang makna iku.
Kaikhlasan
Ikhlas tegesé resiking ati saka apa waé kang ora sarujuk karo makna Sahadat. Ucapan Sahadat kang campur karoriya utawa prabawa liyané ora bakal ditampa déning Allah.
Kajujuran
Kajujuran iku kasarujukan antara ucapan lan lelaku. Wacan sahadat kudu kanthi lésan, diyakini sajeroning ati, nuli diaktualisasèkaké dalam sajeroning amal lelaku.
Katrisnan
Katrisnan tegesé trisna marang Allah lan Rasul-É sarta wong-wong kang iman. Trisna uga kudu dikantèni amarah yaiku kemarahan tumrap kabèh kang bertentangan dengan Sahadat, atau dengan tembung lain, semua ngèlmu dan amal yang menyalahi sunat Rasulullah SAW.
Panampa
Panampa tegesé panampaning ati tumrap kabèh kang teka saka Allah lan Rasul-É. Bab iki kudu awoh kataatan lan ngibadah marang Allah, kanthi yakin yèn ora ana kang bisa nuduhké lan nyelametaké kajaba ajaran saréngat Islam, yaiku kanggoné wong muslim ora ana pilihan liya kajabaKuran lan Sunat Rasul.
Katundukan
Ketundhukan yaiku tundhuk lan nyerahaké marang Allah lan Rasul-É kanthi lahiriyah. Maknané, wong muslim kang ngucapké sahadat kudu ngamalaké kabèh dhawuh Allah lan ninggal kabèh larangan Allah. Béda antara panampa lan katundhukan yaiku yèn panampa déning ati, déné katundhukan dilakoni nganggo fisik.Mula, saben muslim kang ngucapké sahadat tansah siyap nindakaké ajaran Islam sajeroning uripé.
LAA ILAAHA ILLALLAH yaiku asas sakaTauhid lanIslam, kanthi ucapan mau direalisasèkaké kabèh wujud ngibadah marang Allah kanthi katundhukan marang Allah, ndonga mung marang Allah lan dhedhasar ukum saréngat Allah.
Sawijining ulama misuwurIbnu Rajab ngendika: Al ilaah yaiku kang ditaati lan ora dimaksiati, diagungaké lan, ditresnani, diwedèni, lan dijaluki pitulung. Iku kabèh ora kena dipléngakaké kajaba marang Allah. Kalimat LAA ILAAHA ILLALLAH duwé manfaat tumrap wong kang ngucapaké, kajaba banjur mbatalaké ngaggo aktivitas syirik.