Sagara (krama:saganten), uga ingarantasik utawilaut punika kempalantoyaasin saha kahubungaken kaliyansamodra utawitlaga ageng ingkang padatanipun ngandhut toya asin, kirang gadhah saluran alam kados dénéSeganten Kaspia lanLaut Mati. Istilah seganten asring dipun-ginakaken minangka sinonim kaliyansamodra.Tlaga ageng, kados taGreat Lakes, kadhangkala dipunwastani seganten dharat. Kathah seganten ingkang kalebet kategorimarginal sea, inggih punika seganten ingkangarusipun dipunsababaken déning angin; déné jinis sanèsipun kadosseganten mediterranean, ingkang arusipun kasebabaken déning béda salinitas lan suhunipun toya.Organisasi Hidrografi Internasional (IHO) minangka organisasi internasional ingkang gadhah kakuwasaan bab ndèfinisikaken seganten. Définisi ing wekdal punika kasebat wonten ing satunggaling dokumènSpecial publication S-23,Limits of Oceans and SeasArchived 2007-11-02 at theWayback Machine., 3rd edition,1953.
Seganten kawangun 4,4 milyar taun kapungkur, wiwitanipun asipat asem sanget, kanthi toya ingkang umob (watawis100 °C) amargi panasipunBumi wekdal samanten. Asemipun toya seganten amargi wekdal punikaatmosferBumi dipunkebaki déningkarbon dioksida. Kaaseman toya punika ingkang njalari inggilipun panggapukan ingkang ngasilaken uyah ingkang andadosaken toya seganten asin kados ing wekdal sapunika. Wekdal samanten, gelombang tsunami asring kadadosan amargi asringipun astéroid nabrak Bumi. Pasang surut seganten ing wekdal punika ugi bertipemamut utawi inggil sanget amargi jarakipun candra ingkang caket sanget kaliyan Bumi.