Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Sèrbi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Република Србија
Républika Srbija
Gendéraning Serbia
Gendéra
Aditamènging Serbia
Aditamèng
Motto: Само слога Србина спасава
Gunagita: Bože pravde
Dunungpenering Serbia
Kuthagara
lan Kutha paling gedhé
Beograd
JawatbasaSerbia1
PapréntahanRépublik
Aleksandar Vučić (Александар Вучић)
Đuro Macut (Ђуро Мацут)
Kamardikan
• Banyu (%)
n/a
Population
• Pikira-kira 2017
7.040.272 (104)
• Cacahjiwa -
-
GKK  (ITK)Pikira-kira 2010
• Gunggung
US$79,94 milyar[1] (75)
• Saben wong
US$10.830 (74)
ArtacihnaDinar Serbia
ugaeuro ing Kosovo (ALL)
Laladan wektuUTC+1
• Mangsa ketiga (AKK)
UTC+2
Kodhé bèl381
TLD internèt.rs ;.srb
1 Ing Vojvodina, basa-basa iki dadi basa resmi:Romania,Rusyn,Honggari,Slovak lanKroasia.

Sèrbi utawa resminéRépublik Sèrbi (Serbiyan:Република Србија utawaRépublika Srbija) yaiku nagararépublik ing kidul-wétan lan tengahÉropa. Serbiya wewatesan karo nagaraHonggari ing sisih lor;Rumeni lanBulgari ing sisih wétan;Républik Makedonia lanAlbania ing sisih kidul; lanGununghireng,Kroasia, lanBosnia-Hercegovina ing sisih kulon.

Asal mulané nagara Serbia wiwit saka pratengahanabad kaping 9. Karajan Serbiya muncul ingabad kaping 11, lan ana ingabad kaping 13 owah dadi Kakaisaran Serbiya. Sawisé taun1918, Serbiya minangka anggota perintisYugoslawiya kanthi warna-warna jinis (KratonYugoslawiya, Républik Federal Sosialis Yugoslawiya lan Républik Federal Yugoslawiya).

Ana ing tanggal21 Mèi2006, rakyatGununghireng nganakakéReferendum kanggo Kamardikan Gununghireng lan cacah 55,5 persèn milih Gununghireng mardhika. Sabanjuré nagara Uni iku pisah manèh dadi nagaraRépublik Serbiya lanRépublik Gununghireng.

Tanggal17 Fèbruari2008Kosowo proklamasi kamardikan sakaSèrbi, lan tanggal18 Fèbruari2008 diakoni déning 17 nagara.[2][3][4]

Geyografi

[besut |besut sumber]

Sèrbi dumunung ingÉropa, yaiku ing ujungBalkan lan ingDhataran Pannonian. Nagara iki pernahé dadi simpang dalan antaranéÉropa Tengah,Éropa Kidul lanÉropa Wétan. KaliDanube (2850 km) mili ngliwati nagara iki ing sisih lor, dawané watara 588 km lan dadi tapel wates karonagaraKroasia lan sapérangan sakaRomania, sadawanéDhataran Wallachian ing sisih wétan. KaliSava minangka tapel wates sisih kidul karo ProvinsiVojvodina, mili tumuju Kali Danube ing kuthaBeograd, lan ngliwati pabukitanFruška Gora ing sisih kulon. Suwidak kilomèter sisih lor-wétané Beograd, kaliTisa mili tumuju menyang kali Danube, sawisé mili adohé 1350 km sakaUkraina, lan kaliKali Timiş (60 km/350 km), kang sabagéan bisa dilayari, mili uga menyang kali Danube ingPančevo. KaliBegej (254 km) mili tumuju menyang kali Tisa ing cedhakTitel. Kabèh saka lima kali mau bisa dilayari, ngubungaké nagara iki karo Éropa Lor lan Éropa Wétan (liwat ruteRhine-Main-Danube CanalSagara Lor), menyangÉropa Wétan (liwat rute Kali Tisa–,Timiş–,Kali Begej – lan Danube –Sagara Ireng) lan menyangÉropa Kidul (liwat Kali Sava).

Tapel wates sisih wétan wujudPagunungan Carpathian, kang mujur ingÉropa Tengah. Pagunungan Carpathian ketemuPagunungan Balkan, sadawaning ilèn KaliVelika Morava, kali kang dawané 500 km (sabagéan bisa dilayari). PucukMidžor minangka pucuk gunung paling dhuwur ing tlatah Serbiya Wétan, yaiku dhuwuré 2156 m. Ing kidul-wétan,Pagunungan Balkan ketemu karoPagunungan Rhodope, ngubungaké nagara iki karo nagaraYunani.

Gunung Šar ing Kosowo dadi tapel wates karo nagaraAlbania, kanthi siji pucuk yaikuDjeravica (2656 m).Alpen Dinaric ing Serbiya mujur sadawané ilènKali Drina (350 km bisa dilayari kapal cilik) adhep-adhepan karo pucukDinaric ing sebrangé pasisir ingBosnia-Herzegovina.

Taman Nasional

[besut |besut sumber]

Serbiya duwé 5taman nasional:

Papréntahan lan pulitik

[besut |besut sumber]

Présidhèn Serbiya saiki yaiku Boris Tadić, pamimpin parté Dhémokrat Serbiya (DS). Boris Tadić menangaké 53% swara ing puteran kapindho sajeroning pilihan umum tanggal27 Juni2004. Serbiya nganakaké referendum ing tanggal 28-29 Oktober 2006 kanggo ratifikasi konstitusi anyar paska Milošević.Tanggal 8 Mèi 2007, Tomislav Nikolić kapilih dadi Ketua Parlemèn Serbiya.[5] Sawisé négosisasi ing menit-menit pungkasan atara parté Dhémokrat Serbiya lan parté DSS wusanané disetujoni papréntahan anyar ing tanggal 11 Mèi 2007 antara DS, DSS lan G17 Plus.[6] Bab iki ndadèkaké munduré Nikolić rong dina sawisé iku ing tanggal 13 Mèi 2007. Nikolic digantèkaké déning Oliver Dulić.

Pamérangan administratif

[besut |besut sumber]

Serbiya dipérang dadi 29 dhitrik lan sijikutha yaikuBeograd. Dhistrik lan kutha mau banjur dipérang manèh sajeroning sawatara munisipal. Serbiya nduwé siji provinsi otonom yaikuVojvodina (7 dhistrik, 46 munisipal). Sadurungé mardikaKosowo uga wujud provinsi otonom ing Serbiya. Pérangan sing dumunung antarané provinsi Vojvodina dan tilas provinsi Kosowo mau sing diarani Serbiya tengah.Serbiya tengah iku dudu sawijining laladan administratif lan ora duwé papréntahan dhéwé. SajeroningBasa Inggris tlatah iki dijulukiSerbiya proper kanggo nuduhaké "péranganing Républik Serbiya sing ora kalebu provinsi otonom kaya mau sajeroning Kapustakan KonggrèsAmérika Sarékat.[7] Jejuluk iki uga dipigunakaké ing Basa Serbo-Kroasia ing jamané Yugoslawiya (kanthi istilah "uža Srbija", sing tegesé: "Serbiya ciut").

Dhémografi

[besut |besut sumber]
Peta ètnik ing Serbiya miturut sènsus taun 2002
Statistik Populasi Serbiya (Mèi2005)
Serbia(ora kalebu Kosowo) ing2002
Sèrbiyan
  
82.86%
Honggariyan
  
3.91%
Bosniakan
  
1.82%
Ruman
  
1.44%
Yugoslawan
  
1.08%
liya-liya
  
9.79%


Padunung Serbiya mayoritas saka suku Serbiya (Serbiyan). Golongan minoritas kang wigati antarané: Albaniyan (mayoritas ing Kosowo), Hungariyan,Bosniakan, Ruman, Kroasiyan, Ceskan lan Slowakan, Gununghirengan, Makedoniyan, Bulgariyan, Rumaniyan, lsp. Loro prowinsi yaikuWojwodina lanKosowo, kanthi suku lan agama pancèn béda.

Miturut sensus resmi pungkasan[8] data taun2002, komposisi suku Serbiya:

  • Total: 7,498,001
    • Suku Serbiyan: 6,212,844 (82.86%)
    • Suku Hungariyan: 293,172 (3.91%)
    • Suku Bosniyan: 136,464 (1.82%)
    • Suku Ruman: 107,971 (1.44%)
    • Suku Yugoslawiyan: 80,978 (1.08%)
    • Liya (kurang saka 1%): 666,572 (8.89%)

Kutha wigati

[besut |besut sumber]
Beograd, ibi kutha Serbiya

Kutha wigati (sing ndunungi punjul 50,000 jiwa ing laladan kutha) — data sensus taun2002 (data taun 2005/2006 kanggo Nowi Sad/Belgrad[9]).

KuthaPopulasi
UrbanMetropolitan
Bélgrad1,304,2191,689,667
Nowi Sad255,071333,895
Nis236,722252,131
Kraguyewac147,473211,580
Subotitsa99,471147,758
Jrenyanin79,545131,509
Leskowac78,030156,252
Smédéréwo77,808109,867
Pancéwo77,087127,162
Krušéwac75,256131,368
Cacak73,217117,012
Ujitsé63,57783,022
Walyéwo61,03596,761
Kralyéwo57,411121,707
Sabac55,240122,893
Weranyé55,05287,288
Nowi Pasar54,60485,249
Sombor51,47197,263

Agama

[besut |besut sumber]
Serbiya(ora kalebu Kosowo) ing taun2002
agamapersèn
Ortodoksi Wetanan
  
84.1%
Katulik Roma
  
6.24%
Islam
  
4.82%
Krésten Protèstan
  
1.44%

Ma'abad-abad tlatah Serbiya dadi tapel wates agama anataraOrtodok lanKatulik Roma, banjur mlebuné agamaIslam, Serbiya dadi nagara kang dumadi saka manéka warna penganut agama ing bawanaÉropa.

Studenica monastery

Komunitas Islam

[besut |besut sumber]

Kaum muslim ing Serbiya dumadi saka sawatara komunitas yaiku:

  • "Komunitas Islam Serbiya" (Islamska zajednica Srbije), kanthi kapanggonan ingBelgrad, kanthi administratif dipanggedhèni déning (Mufti Ageng) Adem Jilkic.
  • "Komunitas Islam ing Serbiya" (Islamska zajednica u Srbiji), kanthi kalungguhan ingNowi Pasar, kanthi administratif dipanggedhèni déningmufti Muamer ef. Zukorlić, nyakup sawatara organisasi yaiku:
    • Komunitas IslamingSandiyak (Islamska zajednica Sandžaka), kanthi kalungguhan ing Nowi Pasar, dipanggedhèni déning mufti Muamer Zukorlić.
    • Komunitas Islam ingWoywodina (Islamska zajednica Vojvodine), kanthi kalungguhan ingNowi Sad, dipanggedhèni dénig mufti Fadil Murati.
    • Komunitas Islam ingLembah Presewo (Islamska zajednica Preševske Doline), kanthi kalungguhan ingPresewo.
    • Komunitas Islam ingSerbiya Pusat (Islamska zajednica Centralne Srbije), kanthi kalungguhan ing Beograd.
Masjid ing Belgrad

Deleng uga

[besut |besut sumber]

Réferènsi

[besut |besut sumber]
  1. "International Monetary Fund, World Economic Outlook Database, April 2011: Nominal GDP list of countries. Data for the year 2010". Imf.org. 14. 9. 2006. Dibukak ing 25. 1. 2013..{{cite web}}:Check date values in:|accessdate= and|date= (pitulung)
  2. US Secretary of StateCondoleezza Rice (2008-02-18)."U.S. Recognizes Kosovo as Independent State".U.S. Department of State.Diarsip saka asliné ing 2008-02-19. Dibukak ing2008-02-18.
  3. "Britain, France recognise Kosovo".Associated Press. 2008-02-18. Diarsip sakasing asli ing 2008-02-26. Dibukak ing2008-02-18.
  4. Castle, Stephen (2008-02-18)."Kosovo is Recognised by U.S., France and Britain". Dibukak ing2008-02-18.
  5. Nick Hawton (8 Mèi 2007)."Political uncertainty stalks Serbia" . BBC News.
  6. "Tadić, Koštunica reach cabinet deal" . B92. 11 Mèi 2007. Diarsip sakasing asli ing 2008-05-05.
  7. Library of Congress."Glossary--Yugoslavia" .
  8. "Statistical office of the Republic of Serbia" .
  9. "Beograd u brojkama"(PDF) . City of Belgrade Institute for Informatics and Statistics. 2006. Diarsip sakasing asli(PDF) ing 2008-02-16.

Pranala njaba

[besut |besut sumber]
Wikimedia Commons duwé médhia ngenaniSerbia.
Weruhi luwih akèh bab
Serbia
ingproyèk saduluré Wikipédia
Bedhah WiktionaryAndharan saka Wikibausastra
Bedhah CommonsMédhia saka Commons
Bedhah WikinewsWarta saka Wikinews
Bedhah WikiquoteCuplikan saka Wikiquote
Bedhah WikisourceTèks saka Wikisource
Bedhah WikibooksBuku tèks saka Wikibooks
Bedhah WikiversityMatèri sinau saka Wikiversity

Pamaréntah

[besut |besut sumber]

(In alphabetical order of domain name.)

Link liyané

[besut |besut sumber]


Subdivisions ofSerbiaЗастава Србије

Kabupatèn lankutha ingSerbia
Kutha Beograd:BarajevoČukaricaGrockaLazarevacMladenovacNovi BeogradObrenovacPalilulaRakovicaSavski VenacSopotStari GradSurčinVoždovacVračarZemunZvezdara

Kutha Kragujevac:AerodromPivaraStanovoStari GradStragari


Kutha Niš:Crveni KrstMedijanaNiška BanjaPalilulaPantelej


AleksandrovacAleksinacAranđelovacAriljeBabušnicaBajina BaštaBatočinaBela PalankaBlaceBogatićBojnikBoljevacBorBosilegradBrusBujanovacCrna TravaČačakČajetinaĆićevacĆuprijaDespotovacDimitrovgradDoljevacGadžin HanGolubacGornji MilanovacIvanjicaJagodinaKladovoKnićKnjaževacKoceljevaKosjerićKraljevoKrupanjKruševacKučevoKuršumlijaLajkovacLapovoLebaneLeskovacLoznicaLučaniLjigLjubovijaMajdanpekMali ZvornikMalo CrnićeMedveđaMerošinaMionicaNegotinNova VarošNovi PazarOsečinaParaćinPetrovacPirotPožarevacPožegaPreševoPribojPrijepoljeProkupljeRačaRaškaRažanjRekovacŠabacSjenicaSmederevoSmederevska PalankaSokobanjaSurdulicaSvilajnacSvrljigTopolaTrgovišteTrstenikTutinUbUžiceValjevoVarvarinVelika PlanaVeliko GradišteVladičin HanVladimirciVlasotinceVranjeVrnjačka BanjaZaječarŽabariŽagubicaŽitorađa

Geographic locale
International organizations

Cithakan:Dewan ÉropaCithakan:Uni ÉropaCithakan:CEFTACithakan:Black Sea Economic Cooperation countries

Negara-negara anggota
Afganistan · Afrika Kidul · Aljazair · Angola · Arab Saudi · Bahama · Bahrain · Bangladesh · Barbados · Belarus · Belize · Benin · Bhutan · Bolivia · Botswana · Brunei · Burkina Faso · Burundi · Chad · Chili · Djibouti · Republik Dominika · Ekuador · Mesir · Guinea Khatulistiwa · Eritrea · Ethiopia · Gabon · Gambia · Ghana · Grenada · Guatemala · Guinea · Guinea Bissau · Guyana · Honduras · India · Indonesia · Iran · Jamaika · Kamboja · Kamerun · Kenya · Kolombia · Komoro · Republik Kongo · Republik Demokratis Kongo · Koréa Lor · Kuba · Kuwait · Laos · Libanon · Lesotho · Liberia · Libya · Madagaskar · Malawi · Maladewa · Malaysia · Mali · Mauritania · Mauritius · Mongolia · Maroko · Mozambik · Myanmar · Namibia · Nepal · Nikaragua · Niger · Nigeria · Oman · Pakistan · Palestina · Panama · Pantai Gading · Papua Nugini · Peru · Filipina · Qatar · Republik Afrika Tengah · Rwanda · Saint Lucia · Saint Vincent lan Grenadines · Sao Tome lan Principe · Senegal · Seychelles · Sierra Leone · Singapura · Somalia · Sri Lanka · Sudan · Suriname · Swaziland · Suriah · Tanjung Verde · Tanzania · Thailand · Timor Timur · Togo · Trinidad lan Tobago · Tunisia · Turkmenistan · Uganda · Uni Emirat Arab · Uzbekistan · Vanuatu · Venezuela · Vietnam · Yaman · Yordania · Zambia · Zimbabwe
Negara-negara pemantau
Organisasi pemantau
Negara anggota lan pengamat LaFrancophonie
Anggota
Albania · Andorra · Belgia(Komunitas Prancis) · Benin · Bulgaria · Burkina Faso · Burundi · Kamboja · Kamerun · Kanada(New Brunswick · Quebec) · Tanjung Verde · Republik Afrika Tengah · Chad · Siprus1 · Komoro · Republik Demokratik Kongo · Republik Kongo · Côte d'Ivoire · Djibouti · Dominika · Mesir · Guyana Katulistiwa · Republik Macedonia · Prancis(kalebuGuyana Prancis · Guadeloupe · Martinique · Saint Pierre lan Miquelon) · Gabon · Ghana1 · Yunani · Guyana · Guinea-Bissau · Haiti · Laos · Luksemburg · Libanon · Madagaskar · Mali · Mauritania · Mauritius · Moldavia · Monako · Maroko · Nigeria · Rumania · Rwanda · St. Lucia · São Tomé lan Príncipe · Senegal · Seychelles · Swiss · Togo · Tunisia · Vanuatu · Vietnam
Flag of La Francophonie
Flag of La Francophonie
Pengamat
1 Associate member.    


Praja atmabuh
Dhènemarken
Karajan Manunggal
Wewengkon Mirunggan
kanthi atmabuh mardika
Finlan
Karajan Manunggal
Nurwègen
  • 1 Pulo-pulo sing ana nang segara saputere Éropa biasane dianggep kalebu Éropa.
  • 2 Praja-praja sing ana nang saputere Éropa kadang dianggep Éropa amarga kabudhayaane padha.
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Sèrbi&oldid=1734684"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp