Rompi anti mimis utawa rompi tahanmimis ya iku salah sawijiningsandhangan kang bisa ngaubi panganggoné saka bebayanepistul kang ngganggo proyektil lan saka pecahanmimis sing mbledhos kang sengaja dikenakaké marang awak.[1] Rompi mau kagawé saka serat kang ditenun utawa dilaminasi lan digawé lapis-lapis akèh supaya bisa ngaubi panganggone sakapistol kaliber kang cilik lan senapan proyektil, sarta fragmen cilik saka bahan peledak kaya granat tangan.[2]Bahan logam utawa kramik bisa minangka nggawé rompi mau, bisa ngewenehi tambahan pangauban saka lakunépeluru kang diarahake marang awak lan bahan logam utawa lapisan serat anyaman kang rapet bisa ngewenehi ketahanan kaya-kaya sandhangan wesi lemes kang ora bisa mempan ditusuk lan disuwek karoladhing.[1] Rompi iki racaké digunakaké déning wadyabalapulisi, warga nagara, penjaga keamanan lan pengawal.[1]Sandhangan pangaub kang modern bisa nggabungake antawise rompi anti peluru kaliyan bahan liyané saka sandhangan pangaub, kaya ditambahi helm tempur.[2] Panganggone rompi ditujokake kanggo militèr lanpulisi uga bisa kelebu petugas penjinak bom kang dijangkepi karo sandhangan wesi abot lan helm wajah sarta panguban balung geger.[2]
Sadawane sujarah ing donya ikimanungsa wis migunakaké aneka warna jinisi bahan kanggo ngubi awake ing perang utawa kaanan kang bahaya.[1]Sandhangan pangaub lan tameng kang pisanan digawé saka kulit kéwan.[1] Rikala pradabanmanungsa saya maju, tameng kayu wiwit digunakaké.[1] Banjur, logam uga digunakaké mawa perisa awak kang diaranisandhangan zirah.[1] Nanging tinemu senjata api kira-kira1500 nggawé tameng logam ora patia ngaubi manèh.[1] Mula manungsa nggawé panemunan manèh nganti mentunesandhangan-sandhangan pangaub kang luwih tahan ngadepi panjeblugé sanjata api.[1]
Rikala abad pertengahanJepang kacathet mawa salah sawijining panganggo pangaub awak kang bahane lemes kagawé sakasutera.[1] Nyedaki pungkasane abad kaping19, militèrAmérikah Sarékat ngadakake panaliten migunakaké pangaub awak kang kagawé sakasutera.[1] Proyek mau pikantuk sorotan saka kongres sawisé PrésidhènWilliam McKinley séda taun1901 amarga ditembak.[1] Asil saka panaliten iku, jebulsutera bisa ngaubi awak sakapeluru kang alon kira-kira banteré mung400 kaki per detik,sandhangan kaya ngene iki jebul ora bisa ngaubi awak saka amunisi anyar kang banteré bisa punjul600 kaki per detik.[1] Sandhangan pangaub kang kagawé saka sutera iku jarene uga digunakaké déningArchduke Francis Ferdinand rikala séda amarga sirahé di tembak.[1]