Riyadh (Ar-Riyad, Basa ARabipun:ياضياض) inggih punika salah satunggaling kutha ingkang dumunung wonten ingArab Saudi ingkang papanipun manggèn wonten ing kawasanNejd. Riyadh papanipun wonten ing samadyaning ujungArabia ingkang dipunpanggeni kaliyan langkung saking 4.500.000 tiyang. Wiyaripun kutha punika kinten-kinten 1.554 km.[1]
Riyadh,Burayadah kaliyanAl Kharj kalebet wonten ing pangrembakanipun 'koridor pusat'Arab Saudi. Papan sanèsipun ingkang gadhah penduduk ingkang kathah inggih punika manggèn wonten ing laladan pasisir-celak kaliyanjaddah kaliyan mekkak wonten ing sagara merah kaliyan celak kaliyanHufur,Dharan wonten inglempongan Pèrsi.
Riyadh kapérang dados 17 kacamatan ingkang dipunkontrol kaliyan kotamadya pusat Riyadh kaliyan otoritas pangrembakan Riyadh.
Wonten ing masa Pra-Islam, pemukiman wonten ing Riyadh kawastananHajar. Papanipun dipunaliri kaliyan lepen kaliyan toya lemah ingkang saged dipunpundhut wonten punika. papan punika misuwur kanthi nama buah kurma kaliyan sekar orchard. Nama kutha punika dipunpundhut saking basa Arab Rowdhah.