Rempelas, utawa karan 'amplas', 'ambril' ya ikukertas kaku kang duwématrial abrasiv ing lumahé. Pigunané kanggo ngalusaké siji barang (umpamané nalika gawémèbel utawaukiran, utawa nyingkiraké siji lapisan umpamanécèt lawas.
Kayadénéwungkal, ukuran rempelas migunakaké istilahgrit, ya iku angka kang nuduhaké alus-kasaré rempelas. Grit kang luwih akèh nuduhaké rempelas iku luwih alus.
Sepisanan rempelas kang kacathet nalikaabad pisanan migunakaké thothokkerang, wewijèn lan pasir kang ditemplèkaké ing kertas ngangolém. Uga ana kang nganggo kulitiwak hiu. Malah, masarakat ing KepulauanKomoro, migunakae kulitfosil uripCoelacanth, kanggo rempelas.[1]Mula-mula rempelas modhèren nggunakaké remukan beling kang diprodhuksi taun 1833 déning John Oakey ingLondon, kang duwé pabrik bisa ngasilaké rempelas kanthi massal. Remukan beling bisa nggerus kanthi apik, dénépasir kurang apik.Ing taun 1921,3M kasil nyipta rempelas saka bahansilikon karbida lan lem kang tahan banyu kang bisa digunakaké ing kaanan teles lan garing. Rempelas kang tahan banyu iki ndadékaké rempelas iki bisa digunakaké ing banyu. Pigunané kang pisanan ya iku ing garapan cèt ana pabrik otomotif.[2]