PatungDavid riptaanipunMichelangelo, salah satunggalipun karya patung ingkang misuwur
Reca utawipatung inggih punika wewujudan tiron wujudmanungsa lankéwan ingkang cara damelipun kanthi dipunpahat,dicor lan dipunbobok.[1] Pangertosan punika dhedhasar tarjemahan sakingsculpturepahatan amargi pamatung jaman rumiyin kathahipun ngginakaken teknik mahat.[1] Ing wekdal sapunikaseni reca ugi dipunsebatplastic art, inggih punika seni plastis utawi seni wewujudan, maksudipun wewujudan ingkang éndah.[1] Reca minangka seni plastis gadhah teges ingkang jembar, amargi boten namung wujud manungsa utawi kéwan kemawon, nanging wujud menapa kemawon ugi saged dipunsebat reca, syaratipun kedah gadhah unsur kaendahan.[1] Wonten ugi ingkang negesi, bilih reca inggih punika karya tigang dhimènsi ingkang dipundamel kanthi teknik tartemtu.[2]Reca minangka karyaseni sampun wonten wiwit manungsa. Ing jaman prasajarah, ugi ing jamanMesir Kina,Yunani Kina, lan karajanHindhuBuda.[1] Kathahipun reca dipundamel sakingwatu utawikajeng.[1] Reca punika wonten ingkang ageng lan wonten ugi ingkang alit lan kathahipun gadhah sipat religius lan dipun-ginakaken kanggé kabutuhanadat. Nanging wonten ugi ingkang gadhah mangfaat minangka rerenggan.[1] Reca ing jaman samangke dipundamel saking manéka warni bahan lan gadhah sipat estetis (éndah wujudipun).[1]