Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Rea

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Artikel iki preludirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikelWikipédia
Panjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawawikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak.
Rea nitihsinga,Altar Pergamon,Musiyum Pergamon,Berlin.

Rea (Basa Yunani: Ῥέα, Rhéa) wonten ingmitologi Yunani punika sedhèrèk sarta garwanipunKronos. Saking hubunganipun kaliyan Kronos, Rea gadhah laré-laré ingkang samangké badhé dados panguwasaOlimpus, laré-laré mau inggih punikaDemeter,Hades,Hestia,Poseidon,Hera, lanZeus. Rea sesarengan kaliyan Kronos dados pemimpinipun para Titan[1].

KanggéHomer, Rea punika ibunipun paradéwa, sanajan sanès ibu kanggé alam semesta kadosKibele. Miturut legenda Rea punika nylametaken Zeus ingkang nembé wiyos kanthi cara mbeta Zeus dhateng PuloKreta kanthi ancas supados boten dipunpangan déning Kronos kados kakang-kakangipun. Kronos punika mangsa laré-larénipun piyambak amargi Kronos ajrih kaliyan ramalan ingkang ngandharaken bilih kuasaning Kronos badhé dipunandhapaken déning turunanipun piyambak kados Kronos ngrebut kekuwasaan saking bapakipun inggih punikaUranus[2]. Rea punika pitados bilih Zeus dipunurus déning para pendhèrèkipun ing mriku. Para pendhèrèkipun punika ingkang njagi Zeus lan ngawontenaken upacara-upacara panyembahan.

Versi sanès

[besut |besut sumber]
  1. Zeus dipunurus déningGaia dumugi ageng.
  2. Zeus punika dipunpiara déning manungsa setengahmenda kanthi namaAmalthea sesarengan kaliyan muridipunKrouretes damel swantun-swantun lan mbengok supados nutupi swantun tangisan bayi kanthi ancas supados Kronos boten mireng.
  3. Zeus dipunpiara déning satunggaling dewi kanthi namaAdamanthea ingkang paring toya susu menda. Amargi Kronos punika nguwasani sadaya dharatan, sagara, lan swarga sampun ngulu sadaya putri saking Rea. Adamanthea lajeng mbeta Zeus lajeng dipunmapanaken gumantung ing wit supados Zeus boten kénging dharatan, sagara lan langit[1].

Simbol

[besut |besut sumber]

Rea punika dipunsimbolaken minangka bulan. Wonten ingmitologi Romawi simbolipun punikaLunar. Simbol sanèsipun punika kéwan banyak (angsa) minangka lambang kalembutan. Rea ugi kaliyan kalih singa ingkang narik kretanipun[1].

Tegesing tembung

[besut |besut sumber]

Kathah nimpuna etimologi ingkang sarujuk bilih tembung Rhéa ('Ρέα) punika turunan saking tembung έρα "daratan". Pamanggih sanèsipun punika nama Rhéa gadhah gegayutan kaliyan tembungdelima, ῥόα, utawi ῥοιά satunggaling jinis woh-wohan wonten ingYunani. Nama Rhea punika ugi kaginakaken kanggé nama salah satunggaling bulan sakingplanitSaturnus[1].

Cathetan suku

[besut |besut sumber]
  1. abcd[1]Archived 2016-03-05 at theWayback Machine., (id) Mitologi Yunani part 2 (dipunakses tanggal 25 Januari 2013).
  2. [2]Archived 2013-05-25 at theWayback Machine., (id) Sajarah Déwa Zeus dalam mitologi Yunani (dipunakses tanggal 25 Januari 2013).


Artikel iki minangkaartikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédiangembangaké.
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Rea&oldid=1665037"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp