Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Rasul

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Artikel iki bagéyan saka sèri
Islam
Rukun Islam
Sahadat ·Salat ·Pasa
Jakat ·Kaji
Rukun Iman
Allah ·Kuran ·Malaékat
Nabi ·Dina Akhir
Qada & Qadar
Tokoh Islam
Mukamad
Nabi & Rasul ·Sakabat
Ahlul Bait
Kutha suci
Mekkah ·Madinah ·Yérusalem
Najaf ·Karbala ·Kufah
Kazimain ·Mashhad ·Istanbul
Riyaya
Éjrah ·Idul Fitri ·Idul Adha
·Asyura ·Ghadir Khum
Arsitèktur
Mesjid ·Menara ·Mihrab
Ka'bah ·Arsitèktur Islam
Jabatan Fungsional
Khalifah ·Ulama ·
Imam·Mullah·Ayatullah ·Mufti
Tèks & Ukum
Kuran ·Kadis ·Sunah
Fiqih ·Fatwa ·Saréngat
Madahab
Sunni
Kanapi ·Kambali
Maliki ·Sapingi
Singah
Rolas Imam
Ismailiyah·Zaidiyah
Liyané
Ibadi ·Khawarij
Murji'ah·Mu'taziliyah
Delengen uga
Gapura Islam
Indeks perkara Islam

Cithakan:AqidahRasul inggih punikamanungsa utusaningGusti ingkang pikantuk wahyu kanthi syari'at ingkang kedah dipunlampahi. Wahyu punika kedah dipunwulangaken dhumateg kulawarga saha pendhèrèkipun.

Rasul yaiku manungsa kang pinaringan wahyu saka Allah ngenani agama lan misiné.

Rasul sajeroning ajaran Islam

[besut |besut sumber]

Rasul (Arab:Rasūl; PluralRusul) iku wong kang pinaringanwahyu sakaAllah kanthisyari'at lan kapatah supaya ngandaraké lan ngamalaké. Saben rasul mesthinabi, nanging ora kabèh nabi iku rasul. Dadi cacahing para nabi iku luwih akèh tinimbang para rasul.

Miturutsaréngat Islam gunggung rasul ana 312,[note 1] sarujuk karokadis kang wis disebutaké déningMuhammad, kang diriwayataké déningAt-Turmudzi.

Miturut Kuran Allah wis ngirimaké akèh nabi marang umat manungsa. Rasul duwé tataran luwih dhuwur amarga dadi pimpinan ummat, sauntara iku nabi ora kudu dadi pimpinan. Ing antarané rasul kang duwé jejulukUlul Azmi yaiku Nuh, Ibrahim, Musa, Isa lan Muhammad.[1] Para rasul mau diarani duwé tataran paling dhuwur ing anatara para rasul. Rasul paling akèh di utus déning Allah yaiku marangBani Israèl, wiwit saka Musa nganti Isa lan ing antarané ana sèwu nabi.

Rasul sajeroning Kuran lan Kadis

[besut |besut sumber]

SakaKuran lankadis disebutaké sawatara jeneng nabi sisan rasul, antarané yaiku:

DénéAdam lanSyits kang diutus sadurungé mung tataran nabi waé, dudu rasul amarga ora duwé umat utawa kaum lan ora duwé kuwajiban marang menyebarkan risalah kang mereka yakini. DénéKhaḍr sewong nabi kang dianggap misterius, ia ora diketahui luwih lanjut marang kaum apa dia diutus.

Bédané Nabi lan Rasul

[besut |besut sumber]

Ing ngisor iki prabédan Nabi lan Rasul[3]:

  • Jenjang kerasulan luwih dhuwur tinimbang jenjang kenabian.[note 4]
  • Rasul diutus marang kaum kang kafir, déné nabi diutus marang kaum kang wis iman.[note 5]
  • Syari’at para rasul béda antara siji lan liyané , utawa kanthi tembung liya yèn para rasul diutus kanthi ngasta syari’at baru.[note 6]
  • Rasul pisanan yaikuNuh, déné nabi kang pisanan yaikuAdam.[note 7]
  • Kabèh rasul kang diutus, Allah selamatkan saka pacoban diprejaya déning kaumé. Éwadéné nabi, ana kang kasil diprejaya déning kaumé.[note 8]

Kriteria nabi lan rasul

[besut |besut sumber]

Diandaraké yèn nabi lan rasul duwé sawatara kriteria kang kudu dikebaki, antarané yaiku:

  • Dipilih lan diangkat déning Allah.
  • Pinaringan mandat (wahyu) saka Allah.
  • Bersifat cerdas.
  • Saka umat Bani Adam (Manungsa).
  • Nabi lan Rasul yaiku wong priya.[note 9][note 10]

Cathetan

[besut |besut sumber]
  1. Saka Abi Zar ra yèn Rasulullah SAW medhar sabda nalika ditakoni ngenani gunggung para nabi, "(Gunggung para nabi iku) yaiku satus patlikur èwu (124.000) nabi." "Banjur pira gunggungé Rasul?" Muhammad ngendika, "Telung atus rolas (312)" Kadis riwayat At-Turmuzy.
  2. “Aku diutus kanggo kabèh makluk.” Ibnu Abdil Barr rahimahullahu ngendika: Wong-wong iku ora béda penemu yèn Muhammad Shallallahu ‘alaihi wa sallam diutus marang jin lan manungsa minangka kang ngasta pawarta bungah lan kang mènèhi pènget. (Kadis riwayat Muslim). Iki kalebu kaistimewaan beliau dibandhingaké para nabi yaiku diutus beliau marang kabèh jin lan manungsa.
  3. Abu Hurairah ngendika yèn Rasulullah Shallallahu ‘alaihi wa sallam paring sabda:“Aku diutus marang kang abang lan kang ireng.” (Kadis riwayat Bukhari lan Muslim). Mujahid bin Jabr nafsiraké kadis iki kanthi makna jin lan manungsa.
  4. Al-Hafizh Ibnu Katsir menyatakan dalam Tafsirnya (3/47), “Ora ana prabédan (ing kalangan ulama) bahwasanya para rasul luwih utama tinimbang kabèh nabi lan bahwa ulul ‘azmi merupakan kang paling utama di antara mereka (para rasul)”.
  5. “Banjur tak utus (marang umat-umat iku) rasul-rasul maturut-turut. Saben rasul rawuh marang umaté, umat iku nyélaki”. (QS. Al-Mu`minun: 44)
  6. “Marang saben umat ing antaramu, tak paringi aturan lan dalan kang padhang”. (QS. Al-Ma`idah: 48)
  7. "Mula wong-wong nekani Adam lan celathu: Wahai Adam,apa kowé ora weruh (piyé kahanané manungsa). Allah wis nyiptakaké kanthi TanganNé, lan Allah (mrintahaké) Malaékat sujud marang sliramu lan Allah mulangaké kmarang sliramu jeneng-jeneng samubarang kalir. Wènèhana syafaat kita marang Rabb kita saéngga kita bisa olèh kaleluwasaan saka papan kita iki. Adam ngendika: aku ora duwé hak kang kaya ngono iku, banjur Adam nyritakaké kasalahan kang ditampa. (Adam ngendika): nanging lungaa marang Nuh, amarga panjenengané iku Rasul pisanan kang diutus Allah marang kang ndunungi bumi. Mula wong-wong banjur nekani Nuh…."(H.R alBukhari lan Muslim dari Anas bin Malik).
  8. Allah berfirman: “Kena apa kowé kabèh biyèn mrejaya nabi-nabi Allah y~en nyata kowé kabèh iku wong-wong kang beriman?”. (QS. Al-Baqarah: 91)
  9. "Kami tiada mengutus rasul rasul sebelum kamu (Muhammad), melainkan beberapa wong-lanang kang Kami beri wahyu marang mereka, mula tanyakanlah olehmu marang wong-wong kang berilmu, jika kamu tiada mengetahui." (Al anbiyya’ 21:7)
  10. "Kaum lanang iku yaiku pemimpin bagi kaum wanita, déning amarga Allah wis meluwih kan sebahagian mereka (laki-laki) atas sebahagian kang liya (wanita), lan amarga mereka (laki-laki) wis menafkahkan sapérangan dari harta mereka..." (An Nisaa' 4:34)

Réferènsi

[besut |besut sumber]
  1. "[[University of Southern California]] Compendium of Muslim Texts". Diarsip sakasing asli ing 2007-01-01. Dibukak ing2007-01-03.{{cite web}}:|first= missing|last= (pitulung);URL–wikilink conflict (pitulung)
  2. "Daftar nabi dalam agama Islam disitus InfoMasjidKita.com". Diarsip sakasing asli ing 2013-06-02. Dibukak ing2013-05-16.
  3. -rasul.html 5 Perbedaan Antara Nabi lan Rasul[pranala mati permanèn], 16 November 2009. Diakses padha 9 Januari 2012

Deleng uga

[besut |besut sumber]
25 Nabi lan Rasul
Disebutaké jroning Kuran lan Kadis
Keterangan:Ulul Azmi


Tandha stubArtikelngenani Islam iki minangkaartikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédiangembangaké.
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Rasul&oldid=1659483"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp