Rambutan,Nephelium lappaceum iku wit kang kalebu ing familiSapindaceae.[1] Wohé wit iku uga jenengé rambutan. Rambutan akèh tinemu ing tlatah tropis, kaya taAsia Kidul-Wétan,Asia Kidul,Afrika lanAmérika Kidul.[1]
IngIndonésia, rambutan kang misuwur asalé sakaSumatra Lor, mligi sakaBinjai cedhakMedan.[1]Rambutan(Nephelium sp)kalebu tuwuhanwohhortikultural.[1] Rambutan duwé jeneng liya ing BasaInggris yaikuHairy Fruit.[1] Rambutan kalebu woh-wohan asli Indonésia.[1] Nganti saiki rambutan nyebar ing luar laladan kang iklimétropis, kaya taFilipina lan nagara-nagara ingAmérikaLatin.[1] Rambutan tinemu uga ing laladan kang duwéiklimsub-tropis.[1]
Wit rambutan dhuwuré bisa nganti 20mèter lan duwékenopi kang nggrembuyeng.[2] Wit rambutan kalebuwit kang gédhé lan cendhék.[2] Kulit wit lan pangé wernanésoklattuwa lan ana putih-putihcilik ing kulite.[2]Godhong rambutan ambuné radawangi, godhongé rada lunyu lan duwéwulu sithik.[2] Kembang rambutan ana kang diaranikembang lanang lan kembang wédok.[2] Rambutan merlokakékéwan kayagegremet kanggopenyerbukan.[2]Woh rambutan dhapurébujur utawalonjong mehbunder lan ukurané kurang luwih 5cm.[2] Rambutan mateng kurang luwih 100 nganti130 dina sawisé ngembang.[2]
Wit rambutan bisa ditandur nganggosistem tiga segi sama,empat segi sama utawasistem sesiku keluang.[2] Jarang nandur wit rambutan yaiku9m x 9 m x 9 m.[2] Kanggo nggemburakélemah bisa ditindakaké ing awal mangsa udan.[2] Kanggo wit kang wis tuwa yaiku 3-4 minggu sawisé ngembang.[2] Ing sakupéngéwit rambutan bisa digemburaké lemahé ancasé kanggo nyuburaké lan hawa kang ngandhut nutrisi bisa lumebu.[2] Pengapuran bisa dilaksenakaké yènpH tanah kurang saka 4,5.[2]Rambutan bisa diwénéhi pupuk supaya subur. Saliyanépupukkandhang, pupuk gawéan kang bisa dianggo yaiku campuranUréa,TSP utawaSP-36, lanKCL, kanthi perbandingan 2:2:1, utawa ditaker50-250gram/tuwuhan.[3] Rambutan dipupuk pingtelu saben setaun kanthi jarak wektu patangsasi sapisan.[3] Yèn tuwuhan wis umur 10 taun kudu dipupukNPK kang cacahé500-1.000gr sabenwit.[3]Saliyané nganggo cara''okulasi'', rambutan uga bisa ditengkaraké nganggowijiné, nanging wohé luwih suwé tinimbang yèn ditengkaraké nganggo caraokulasi.[4]
Saka panalitén lansurvey tinemu ana22 jinis rambutan.[1] Asalé ana kang sakagalur murni lan ana uga kang asil okulasi utawa nggabungaké saka rong jinis galur kang béda.[1] Ciri-ciri kang mbedakaké saben jinis rambutan bisa didelok saka sifatéwoh rambutan.[1] Sifat woh rambutan bisa didelok sakadaging woh rambutan, akèh sithikébanyu ing woh rambutan, bentuk, warnakulit, lan dawanérambut rambutan.[1] Ana''varietas'' rambutan kang paling disénéngi lan aji''ekonomis'' kang rélatif dhuwur.[1]
Rambutanrapiah wohé ora patia akèh nanging buah iki mutuné apik, kulit wohé rupanéijo-kuning-abang ora rata.[1] Rambutan rapiah rambuté arang-arang.[1] Daging woh rambutan rasanélegi,kenyal, lannglothok.[1] Daging wohé uga kandel lan bisa tahan nganti6dina sawisé dipetik.[1]
Rambutan iki wité dhuwur lan wohé akèh. Asilé kurang luwih160-170 gendhel sabenwit.[1]Kulit wohé wernanéabang,kuning lan alus. Rambutan iki rasané séger legi lan kécut.[1] Rambutanacéh lebak bulus ngandhut akèhbanyu lan ngelotok.[1] Wohé bisa awet nganti 4 dina sawisé kapethik, saliyané iku woh rambutan iki uga tahan ing pengangkutan.[1]
Rambutan iki wohé akèh.[1] Saben wit kurang luwih90 nganti170 iket.[1] Kulité wernané abang radakuning, ana uga kangabangtuwa.[1] Rambuté kasar lan rada jarang, rasané legi lan banyuné sithik.[1] rambutanCimacan kurang tahan ing pangangkutan.[1]
Rambutan jinis iki kalebu rambutan kang paling apik ingIndonésia.[1] Wohé gédhé lan kulité wernané abang tuwa.[1] Rambutan iki rambuté rada kasar lan arang, rasané legi lan radakecut.[1] Asil wohé ora sakakéh woh acé lebak bulus nanging dagingé nglothok.[1]
Jinis rambutan iki duwéwoh kang akèh lan disenengi mligi wongTionghoa.[1] Wit lan pang-pangé kang kuwat pas yèn diokulasi.[1] Rambutan iki warna kulité abang tuwa nganti abang anggur lan duwérambut alus lan kerep utawa rapet.[1] Wohe rasané legi rada kecut, akèh banyuné lan''empuk''.[1] Rambutan sinyonya kalebu rambutan kang ora nglothok.[1]
Rambutan dibudidayakaké lan dimanfaatké wohé.[4] Woh rambutan ngandhutgizi,zat tepung,zaténzim-énzim kang''esensial'' lan''nonesensial'',vitamin,zatmineralmakro,mikro kang nyèhataké.[4] Ana uga kang ndadèkakéwit rambutan dadi wit kanggo ayom-ayom ing pekaranganomah lan dadi tuwuhan hias.[4] Rambutan ngandhutvitaminC saéngga rambutan uga kena kanggo tambasariawan.[4] Saliyané iku rambutan uga kena kanggo tamba lara demam lan kencing manis.[4]
IngIndonésia kang dadisentratuwuhan rambutan yaiku ing PuloJawa mligi ingBekasi,Kuningan,Malang,Prabalingga,Lumajang lan ingGarut.[5]
rambutan digendheli
woh rambutan
rambutan disigar
rambutan binjai
léci hawai
rambutan
daging rambutan
isi rambutan
godhong rambutan