Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

RNA

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

RNA (Ribonucleic Acid) inggih punika "duta" utawi pambekta pesangenetik sakinggen kanggéribosom, inggih punikaorganel ingkang sampun dipunmangertosi gegandénganipun kaliyansintésis protéin wonten ing lebetsitoplasmasèl.[1] Saben jinisning RNA gadhah kualitas struktural mirunggan ingkang damelaken cocog kanggé fungsi ingkang spèsifik.[2] RNA gadhah basisAdenin (A),Sitosin (C), sahaUrasil (U).[3]

RNA

Bèntenipun RNA saha DNA

[besut |besut sumber]

bèntenipun ingkang langkung utami antawis DNA saha RNA inggih punika manawi ingkang kantun punika gadhah gendhis (gula) ingkang bènten, inggih punikaribosa.[1] RNA untaianipun tunggal (boten kados DNA ingkang untaianipun ganda) saha gadhahurasil (U), botentimim (T) dados satunggal saking sekawan basa-nipun.[1]
Bukti ingkang kapisan kanggé wontenipunasem ribonukleat duta (ARNd) dipunangsal saking studi kaliyanbaktèri.[1] Wonten ing baktèria punika gèn-gèn boten pados nyata dipunpindahaken saking piranti-piranti penyintésa (pandamel)protéin.[1] Studi-studi lajeng wonten sèl-sèleukariotik masthèaken manawi molekul-molekul RNA utawi ARN pancén bergerak sakingnukleus kesitoplasma.[1] ARNd dipunbentuk manawi sègmén DNA mirunggan, inggih punika satunggal gèn, dados aktif.[1]

Sintesis Protein

[besut |besut sumber]

Sintèsis protèin kadadosan wonten ing kelompok-kelompokpartikel sitoplasmik ingkang alit sanget ingkang dipunsebatribosom.[4] Partikel-partikel punika inggih punika rakitan makromolekular RNA ribosom (rRNA) saha protèin-protèin.[4] Saben ribosom kadadosan saking kalih subunit: ingkang ageng saha ingkang alit.[4] Subunit ingkang alit gadhah satunggal molekul rRNA.[4] Subunit ingkang ageng wonten ing ribosom ekariotik gadhah satunggal copy saking saben tiga molekul rRNA ingkang berlainan[4].
Wonten ingékariota, molekul-molekul RNA ribosom dipunsintesis wonten ing nukleus, kaliyan ngginakaken templat (gen) DNA.[4] Sel-sèl ingkang kanthi aktif terlibat wonten ing sintèsis sejumlah ageng protèin tunggal saged gadhah kathah sanget RNA mirunggan kanthi ukuran ingkang bènten saking rRNA utawi tRNA.[4]

Protein

Translasi RNA

[besut |besut sumber]

Translasi RNA kadadosan wonten ing ribosom, prosès punika kalampahan wonten tiga prosés.[5]

  1. Inisiasi
  2. Pemanjangan
  3. Terminasi

Inisiasi

[besut |besut sumber]

Ribosom ngiketaken piyambakipun wonten ing situs inisiasi mirunggan wonten molekul mRNA.[5] Situs punika kawontenan ing nukleotida "lawan arus" saking kawiwitan pesenipun.[5] SalajengipuntRNA inisiator ingkang mirunggan ngiketaken piyambakipun wonten ing kodon (limrahipun AUG)ingkang miwiti saben pesen.[5] Pangiketan kadadosan wonten situs ing ribosom ingkang dipunsebat situs P.[5] Asam amino ingkang dipunbekta tRNA inisiator inggih punika metionin (utawi wonten ing baktèri, wujud termodifikasi kanthikimia ingkang dipuntandai fMet).[5]

Pemanjangan

[besut |besut sumber]

Molekul tRNA ingkang mampu berpasangan basa kaiyan kodon mRNA salajengipun ngantos wonten situs ingkang langkung caket wonten ing ribosom.[5]Asam amino sadèrèngipun (Met wonten ngajeng translasi) dipunrantai wonten ingkang nembé mlebet ngagem ikatanpeptida.[5] tRNA inisiator dipunbébasaken saking situs P saha ribosom nggéséraken satunggal kodon arah arus.[5] Bab punika mindahaken tRNA ingkang langkung mutakhir datengipun wonten kaliyandipeptida nipun ingkang nemplek wonten situs P saha mbikak situs A kanggé kadatenganipun tRNA sanèsipun ingkang mbekta asem amino ingkang nomer tiga kanggé polipeptida ingkang tumbuh.[5] Kados makaten, pesen ingkang wiwitipundipuntransripsi tumuju wonten molekul mRNAdipuntranslasi tumuju ing runtunan pasti asem-asem amino wonten polipeptida mau.[5]

Terminasi

[besut |besut sumber]

Perpanjanganpolipeptida kalajengaken ngantos purnanipun pesen ingkang bersangkutan.[5]

Cathetan suku

[besut |besut sumber]
  1. abcdefgPai, Anna C.1985.Foundations of Genetics.Jakarta:Erlangga.127
  2. library.thinkquest.orgArchived 2012-02-20 at theWayback Machine.(dipununduh tanggal 31 Maret 2011)
  3. news-medical.net (dipununduh tanggal 31 Maret 2011)
  4. abcdefgKimball, John W.1983.Biology.Jakarta:Erlangga.282-283
  5. abcdefghijklKimball, John W.1983.Biology.Jakarta:Erlangga.285-286
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=RNA&oldid=1659433"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp