Quito (es; basa Quechua Kitu), utawi resminipunSan Francisco de Quito, punika kitha krajan lan kutha kapindhah ageng piyambakEkuador. Populasinipun dipunkinten wonten 2,8 yuta jiwa, ing kawasan métropolitanipun. Kitha punika ugi kitha krajan ProvinsiPichincha. Quito punika dunungipun ing lèrèng wétan RediPichincha,[1] an activestratovolcano in theAndes.
Quito inggih punika kaajaiban donya ingkang wonten ing nginggilipun10.000 kaki (2.850m). Dumunung ing22 mil sakingkhatulistiwa, hawa ingkang panas manawi wonten nginggil. Boten wonten hawa ingkang ekstrim, dipuntingali saking rata-rata lan hawa sawekdal taun, kados mangsa semi. Wonten kalih mangsa, teles lan garing. Pramila Quito dados papan panujon wisatawan sawekdal taun, lan dados papan favorit kanggé sinau basaSpanyol.
Quito gadhah kaendahan alam saking pagunungan api kaliyan puncak ingkang pethak, bukit-bukit wana, lan lembah ingkang subur. Benten kaliyan sadèrèngipunSpanyol ing Quit, Quito inggih punika kitha ingkang rame.Sebastián de Benalcázar mangertos manawi panggènipun kitha dipunyasa ingSan Francisco de Quito. Ing tanggal pangyasanipun punika,6Dhésèmber1534, dipundadosaken taunFiestas de Quito.
Sebastián de Benalcázar dadosaken Quito, dados kitha ingakng paling wigati kanggéSpanyol. Selajengipun dadosaken situsEstat Audiencia ingkang dados kakiyatan pulitik ingEkuador. Ngantos taun1830Ekuador lanVenezuela inggih punika péranganingGran Kolombia, kanthi Quito dados kutha krajanprovinsikidul. Samangke dados kutha krajanprovinsiPichincha, kanthigunung berapi ingkang gadhah asma ingkang sami. Gunung berapi aktif, lan ing taun1999, gadhah bebaya érupsi sanen dinten punika.Quiteños taksih gesang manawi sampun pinten-pinten abad.
Kathah wisatawan ingkang ningaliOld Town, ingkang gadhah asmaQuito UNESCO ingkang dados situs warisan budaya ing taun1978. Ing ngrika wonten kitha ingkang gadhah arsiterkturSpanyol, lan plaza sentral ingkang wigati kanggé masarakat. Alun-alun ingkang wewatesan kaliyanPalacio de Gobierno, yasanagami, lanPresidencial Palacio.Gréja Katedral inggih punika katedral ingkang paling sepuh ingAmérika Kidul, lan sampun naté dipunrenovasi amargi kénginglindhu. Pahlawan Kamardikaan ingkang kinurmatan lan présidhèn dipunsareaken ing ngrika.[2]
Plasa San Francisco, Gréja lan Biara St. Fransiskus ing punjer sajarah Kolonial Quito.
Quito dumunung ing tengah-tengah puncakAndes ing2,800mèter dpl, Kitha sepuh ingkang gadhah sajarah. Quito wiyaripun langkung saking800hektar, pramila Quito dados pusat warisan ingkang paling ageng ingAmérika.IngSeptember1978,UNESCO (United Nations Educational, Scientific dan Budaya Organizaton) nggambaraken Quito dados Warisan Budaya Donya ingkang no1.[3]