Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Putrajaya

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Putrajaya
Skyline of Putrajaya
Gendéra Putrajaya
Gendéra
Sesanti:Bandar raya Taman, Bandar raya Bestari
(Inggris:Garden City, Intelligent City)
   Putrajaya in    Malaysia
  Putrajaya in  Malaysia
NagaraMalaysia
PrajaWewengkon Pasekutonan
Dibentuk19 Oktober 1995
Dados
Wewengkon
Federal
1 Fèbruari 2001
Pamaréntahan
 • Diatur olèhPerbadanan Putrajaya
 • ChairmanSamsudin Osman
Laladan
 • Gunggung46 km2 (18 sq mi)
Cacah warga(2009 est.)
 • Gunggung65.000
 • Pepadhet1,400/km2 (3,700/sq mi)
Zona wektuMST (UTC+8)
 • Usum panas (DST)Not observed (UTC)
Mean solar timeUTC+06:46:40
Situs wèbhttp://www.ppj.gov.my/

Putrajaya inggih punika punjering papréntahan administrasiMalaysia minangka gantosipunKuala Lumpur.[1] Saderengipun dipunparingi nama Putrajaya, kutha punika gadhah namaPerang Besar.[2] Putrajaya dumunung ing 25 km sakiduling kutha Kuala Lumpur. Putrajaya gadhah wiyar 4,931 hèktar.[1] Kutha Putrajaya ugi caket saking Papan Anggegana Internasional Kuala Lumpur (KLIA) lanSirkuit Sepang ing sisih kidul. Putrajaya dados punjering administrasi énggal ingkang netrepakenpapréntahan elektronik (ngirangi pangginaankertas ing papréntahan), lan badhé ngginakakenteknologi komunikasi ingkang langkung énggal (canggih). Putrajaya ugi dipunrancang dados kuthaijo lan netrepaken jaringaninternet lan tèknologi multimedia.[2]

Putrajaya minangka kutha taman

[besut |besut sumber]

Putrajaya dipunyasa kanthi konsèp kutha taman (taman kutha). Kutha punika dipunperang dados pinten-pinten paprincen, kinten-kinten 38% dipunyasa dados taman, tlaga lan ugi panggènan ingkang teles, dipunyasa kantor-kantor papréntahan, komersial, dipunyasa griya-griya, lan fasilitas umum. Ing kutha punika ugi dipundamel tlaga damelan ingkang wiyaripun 600 hèktar. Tlaga punika dados lambang Putrajaya lan ugi dados moderaratoriklim. Sapunika tlaga punika asring dipun-ginakaken kanggé kagiyatan plesiran, nitihprahu,kano, lan sanèsipun.[1]

Kutha Pinter

[besut |besut sumber]

Dumunung ingkoridor multimedia, lan jumbuh kaliyan inisiatif pamaréntah ingkang ngembangakene-Government, Putrajaya ugi dipunkembangaken minangka kutha pinter. Teknologi multimedia dipun-ginakaken kanggé maringaken fasilitas tumrap papréntahan administrasi, antara pamaréntah lan komunitas bisnis, sarta antawisipun pamaréntah lan sing ndunungi lokal lan masarakat umum.[1]

Visi Kutha Putrajaya

[besut |besut sumber]

Putrajaya badhé dipundadosaken laladan administrasi fédheral ingkang makmur, ingkang kagayuh sadaya kabetahan sosial-ékonomi, rekreasi lan spiritualipun sing ndunungi Putrajaya, ugi kanggé para tiyang ingkang nyambutdamel lan tamu ingkang dhateng ing kutha Putrajaya.

Misi Kutha Putrajaya

[besut |besut sumber]

Misi ingkang utami kutha Putrajaya inggih punika, ngatur lan nrembakakakeb kutha krajan administratif fédheral ingkang efektif lan efisien. Kutha punika badhé dipunatur kanthi saé, kanthi semangat lan ndadosaken Putrajaya ingkang sejahtera.[3]

Cathetan suku

[besut |besut sumber]
  1. abcdBackground of PutrajayaArchived 2008-06-14 at theWayback Machine. dipunundhuh tanggal 12 Fèbruari 2013)
  2. abPutrajaya, The New Capital City dipunundhuh tanggal 12 Fèbruari 2013)
  3. Vision & MissionArchived 2008-06-14 at theWayback Machine. dipunundhuh tanggal 12 Fèbruari 2013)
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Putrajaya&oldid=1648553"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp