printer jinis dot matrixprinter jinis inkjet utawi tinta
Printer punika sakingBasa Inggris ingkang sakingtembungprint ingkang ateges 'nyithak'. Printer punika salah satunggaling Perangkat keras utawi asring dipunsebuthardware ingkang wonten ingBasa Jawi maupiranti kasar kasambung kaliyankomputer ingkang ginanipun kanggé nyetakdata utawidhokumèn ingkang awujudgambar,seratan (tulisan), lan sanès-sanèsipun sakingkomputer kanthi médhiakertas. Wonten ing istilahprinter wontentembung dpi (dot per inch) inggih punika kathahipun titik wonten ing luas area 1inci[1].
Sapunika kathah printer ingkang dipunsadé wonten ing pasaran kados taEpson,Hewlett,Packard (HP),Canon,Lexmark lan sanèsipun. Saben printer ingkang dipunsade gadhah kriteria kualitas nyetak piyambak-piyambak.
wonten jaman seng tambah maju sakniki teknologi prosès nyétak saget di damel dadi bentuk seng luwih nyoto ndamel jinis priter niki
Printer Dot-Matrix
Inggih punika printer ingkangresolusi cetakipun taksih andhap sanget. Nalika nembé prosès nyétak printer jinis punika medalaken swantun ingkang seru. Kualitas asiling gambar ugi kirang saé amargi gambar ingkang sampun kacithak kados titik-titik ingkang sesambetan. Printer saking jinis punika gadhah kaluwihan saking regipita printer ingkang mirah, awt, lan printer jinis Dot Matrik punika saged kanggé nyetakkertas dobel.
InkJet Printer
Inggih punika printer ingkang anggènipun nyetak ngginakakentinta kanggé nyétak kanthi kualitas radi saé. Jinis printer inkJet punika ingkang sapunika kathah dipunagem déning masarakat. Printer jinistinta punika padatanipun ngginakakentinta kanthi jinisdye ingkang kalebet jinising tinta kanthi kaluwihan asiling cithakanwarni ingkang sampurna nanging rikat luntur lan kirang tahan kaliyan éwah-éwahaningcuaca.
Laser Printer
Printer jinis laser punika printer kanthi bahan utami wujudserbuk utawitoner. Cara kerjanipun sami kaliyan mesinfotokopi saéngga ndadosaken printer punika langkung rikat anggènipun nyétak data. Kajawi punika asiling cétakan ugi saé sanget awittinta saking printer Laser Jet punika rikat garing dipuntandhingaken kaliyan printer jinis Inkjet. Nanging saking regi printer jinis punika kalebet awis[2].