Pring ikutetuwuhan jinis suket-suketan kang watangé duwé gronggongan-gronggongan lan ros-ros. Pring akèh banget jinis lan paédahé kanggomanungsa. Jeneng liya saka pring yaiku buluh, aur, lan eru. Ing donya iki pring wujud salah siji tetuwuhan kanthi patuwuhan paling rikat. Amarga duwé sistem rhizoma-dependen unik, sajeroning sadina pring bisa tuwuh dawané 60 cm (24inchi) malah luwih, gumantung marang kaananlemah lanklimatologi papan pring iku ditandur.[1]
Ing Indonésia, pring asring digunanakaké minangka piranti musik tradhisional kang dadi ciri khas saben laladan Indonésia. Salah siji contoné yaikuangklung lansuling kang asalé sakaSunda. Paédahé pring uga akèh, kaya ta kanggo yasa omah, pratandha bates désa, kanggo wadhah banyu, gawé tarub, lan isih akèh pédah liyané.
- ↑Farrelly, David (1984).The Book of Bamboo. Sierra Club Books.ISBN 087156825X.