Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Prajurit

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Barkas:Indonésia Army soldiers.jpg
Barkas:Indonésian Army infantryman participating in the GPOI.jpg
PrajuritIndonésia
Prajurit

Prajurit utawa kerep diaranisaradhadhu utawabala (Basa Inggris:Soldier, Basa Walanda:Soldaat) tegesé anggota angkatan perang siji bangsa; déné, prajurit kang dibayar kanggo ngabdi marang angkatan perang liya diaraniprajurit bayaran (mercenary).[1] Sajeroning basa-basa liya prajurit nyakup perwira, bintara lan tamtama ing Angkatan Dharat siji nagara.

Tembung asal saka Romawi iki dirujuk déning akèh basa ing donya kaya taBasa Prancis:soldat lansolde,Basa Jerman:Soldat lanSold,Basa SwèdhenSoldat lanSold kang tegesé bayaran marang prajurit,Basa RomaniaSoldat,Basa Spanyol:soldado lansoldada utawasueldo,Basa Portugis:soldado lansoldo,Basa Walanda:soldaat lansoldij,Basa Italia:soldato lansoldo,Basa Arab "جندي" (Jondi), utawa "مجنّد" (mojannad), utawa "عسكري" (askari) sajeroning dialèkBasa Libanon lan ugaBasa Sudan lanBasa Turkiasker.

Prajurit Indonésia

[besut |besut sumber]

IngIndonésia, prajurit iku warga nagaraIndonésia kang nyukupi syarat mau sajeroning undhang-undhang lan diangkat déning pejabat kang duwé wewenang, kanggo ngabdi sajeroning dinas kaprajuritan. Prajurit dumadi sakaPrajurit Sukarela lanPrajurit Wajib. Prajurit Sukarela lan Prajurit Wajib, loro-loroné ngayahi dinas kaprajuritan kanthiikatan dinas.

Sifat prajurit

[besut |besut sumber]

Prajurit kudu duwé sipat-sipat ing ngisor iki:

Pamérangan

[besut |besut sumber]

Prajurit diklompokaké sajeroning golongan kapangkatanperwira,bintara, lantamtama. Saben prajurit diwènèhi pangkat minangka keabsahan wewenang lan tanggung jawab hirarki kaprajuritan. Pangkat prajurit mau miturut sifaté bisa dibedakaké ana telu, ya iku:

  1. pangkat efektif, diwènèhké marang prajurit sajeroning ngayahi dinas kaprajuritan lan ngandhut akibat administrasi kang jangkep;
  2. pangkat lokal, diwènèhké kanggo sauntara wektu marang prajurit kang ngayahi tugas lan kalungguhan mirunggan kang sifaté sauntara wektu, sarta merlokaké pangkat kang luwih dhuwur saka pangkat kang didarbèni, kanggo keabsahan pelaksanaan tugas kalungguhan mau nanging ora ngandhut akibat administrasi; lan
  3. pangkat tituler, diwènèhaké kangggo sauntara wektu marang warga nagara kang diperlokaké lan sanggup ngayahi tugas kalungguhan kaprajuritan tinamtu sajeroning TNI. Pangkat iki mung dianggo samangsa isih mengku kalungguhan kaprajuritan mau, sarta ngandhut akibat administrasi sawatara (terbatas).

Pengangkatan

[besut |besut sumber]

Persyaratan umum

[besut |besut sumber]

Persyaratan umum kanggo dadi prajurit ya iku:a.warga nagara Indonésia;b.iman lan bertakwa marang Pangéran kang Maha Tunggal;c.setia marang Nagara Kesatuan Républik Indonésia kang dhedhasar Pancasila lan Undang-Undang Dasar Nagara Républik Indonésia Taun1945;d.wektu dilantik dadi prajurit umur paling sithik 18 taun;e.ora duwé cathetan kriminalitas kang dinyatakaké kanthi tinulis déning Kepulisian Républik Indonésia;f.séhat jasmani lan rohani;g.ora pinuju kèlangan hak dadi prajurit dhedhasar putusan pengadilan kang wis duwé kekuwatan hukum tetep; h.lulus pendidikan pisanan kanggo gawéprajurit siswa dadi anggota TNI; lan

Pendidikan

[besut |besut sumber]

Pendidikan kanggo kanggo pangangkatan prajurit awujud pendidikan perwira, bintara, lan tamtama. Kanggo golonganPerwira disiapaké rong jalur, ya iku pendidikan pisanan kanggo perwira kang asalé langsung saka masarakat lan kanggo kang asalé saka prajurit golongan bintara. Tumrap kang asal saka masarakat diwangun liwat pendidikan ingAkademi TNI, kanthi sumber saka lulusan Sekolah Lanjutan Tingkat Atas; lan liwat jalur Sekolah Perwira, kanthi sumber saka lulusan Sekolah Lanjutan Tingkat Atas utawa Pawiyatan Luhur. Déné Pendidikan pembentukan perwira kang asalé saka prajurit golonganbintara, disiapaké liwat jalurSekolah Calon Perwira.Kanggo golongan bintara diwangun liwat pendidikan pisanan bintara kang asal langsung saka masarakat; lanpendidikan pembentukan bintara kang asal saka prajurit golongantamtama.Golongan Tamtama diwangun liwat pendidikan pisanan tamtama kang langsung saka masarakat.

Pangangkatan

[besut |besut sumber]

Prajurit Perwira diangkat déningPrésidhèn saka usulPanglima, Bintara lan tamtama diangkat déning Panglima. Para prajurit kang diangkat mau kudu ngucapakéSumpah Prajurit. Kanggo golongan Perwira, saliyané ngucapaké Sumpah Prajurit, uga kudu ngucapakéSumpah Perwira.Saliyané ngucapaké sumpah, para prajurit kudu ngugemiKodhe Etik Prajurit lan kanggo golongan Perwira kudu ngugemi Kodhe Etik Prajurit lanKodhe Etik Perwira. Miturut Undhang-undhang TNI, prajurit ora kena mèlu-mèlu:

  • kagiyatan dadi anggota parté pulitik;
  • kagiyatan pulitik praktis;
  • kagiyatan bisnis; lan
  • dipilih dadi anggota lègislatif sajeroning pemilihan umum lan kalungguhan politis liyané.

Hak Prajurit

[besut |besut sumber]
  1. Saben prajurit migunakaké klambiseragam,atribut, perlengkapan, lan peralatan militèr miturut tuntutan tugasé.
  2. Saben prajurit olèh kasempatan kanggo ngembangaké kamampuan liwatpendidikan lan penugasan, kanthi migatèkaké kapentingan TNI sarta syarat yang wis ditentokaké.
  3. Saben prajurit olèh kasempatan nampa munggah pangkat lankalungguhan dhedhasar prestasiné.
  4. Prajurit kang nampa tugas kanthi ngurbanaké jiwa lan raga kanthi langsung lan duwé jasa ngluwihi tuntutan tugasé, bisa nampa munggah pangkat luar biyasa.
  5. Saben prajurit TNI nduwé hak nampapengasilan kang layak lan dibiayai kabèh saka anggaranpertahanan nagara kang sumberé saka anggaran pendapatan lan blanjanagara.
  1. Prajurit lan prajurit siswa nampakabutuhan dhasar prajurit antarané:

a.perlengkapan perseorangan lanb.klambi seragam dinas.

  1. Prajurit lan prajurit siswa nampa rawatan lan layanan kedinasan, antarané:

a.pengasilan kang layak;b.tunjangan kulawarga;c.perumahan/asrama/mess;d.rawatan kaséhatan;e.pembinaan mental lan pelayanan keagamaan;f.bantuanhukum;g.asuransi kaséhatan lan jiwa;h.tunjangan hari tuwa; lani.asuransi penugasanoperasi militèr.

  1. Kulawarga prajurit nampa rawatan kedinasan, antarané:

a.rawatan kaséhatan;b.pembinaan mental lan pelayanan keagamaan;c.bantuan hukum.

  1. Pengasilan layak kanggo para prajurit aktif ditampa saben sasi awujud:

a.gaji pokok prajurit;b.tunjangan kulawarga;c.tunjangan operasi;d.tunjangan kalungguhan; e.tunjangan mirunggan; lanf.lauk pauk utawa natura.

  1. Prajurit kang dipungkasi tugasé kanthi pakurmatan nampa rawatan lan layananpurnadinas, wujudpensiun, tunjangan bersifat pensiun, tunjangan utawa pesangon lan rawatan kaséhatan.
  2. Prajurit lan prajurit siswa nduwé hak nampatandha jasa kanagaraan dhedhasar prestasi lan jasa-jasané marang nagara.

Mungkasi tugas

[besut |besut sumber]

Prajurit ngayahi dinas keprajuritan nganti umur paling dhuwur 58 taun kanggonéperwira, lan 53 taun kanggobintara lantamtama. Prajurit dipungkasi dinasé kanthi pakurmatan amarga salah siji saka sebab-sebab: dhedhasar panjaluké dhéwé; wis entèk mangsaikatan dinas; wis mangsa pensiun; ora nyukupi syarat jasmani utawa rohani; palastra, tewas, utawa tilar donya; alih status dadi punggawa nagari sipil; mengku kalungguhan kang miturut peraturan perundang-undangan, ora bisa diwengku déning sijiprajurit aktif; lan dhedhasar pertimbangan mirunggan kanggo kapentingan dinas.Prajurit dipungkasi dinasé tanpa pakurmatan amarga nduwé tabiat utawa tindak tanduk kang ngrugèkakédisiplin kaprajuritan utawaTNI.

Rujukan

[besut |besut sumber]
  1. "mercenary." The American Heritage® Dictionary of the English Language, Fourth Edition. Houghton Mifflin Company, 2004. 16 May. 2009. <Dictionary.comhttp://dictionary1.classic.reference.com/browse/mercenary[pranala mati permanèn]>.

Sumber

[besut |besut sumber]
  • Undhang undhang TNI


Artikel iki minangkaartikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédiangembangaké.
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Prajurit&oldid=1648141"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp