Karajan Sriwijaya iku kratonmaritim gedhé ingNusantara, iku sakiwa-tengené abad 7 nganti 15Masehi. Karajan iki dibangun déning rajaDapunta Hyang Sri Jayanaga ing kiwa-tengené kuthaPalembang saiki.
Sumber sajarah kraton iki bisa ditemo'ke saking 6 ijiprasasti kang ditulis nganggobasa Melayu kuna lan nganggohuruf Pallawa uga wis ana tulisan taun kang nganngo angkataun saka.
Prasasti-prasasti tilas kraton Sriwijaya yaiku:
- Prasasti kedukan bukit
- Prasasti talang tuo
- Prasasti telaga watu
- Prasasti kutha kapur
- Prasasti karang berahi
- Prasasti palas pasemah
Saliyané iku uga ana cathetan bab kraton Sriwijaya iki ing prasasti ing luar nagari antarané:Prasasti ligor lanPrasasti nalanda, India.
Saliyane prasasti, kabar babagan Sriwijaya akeh dipikolehi saka cathethanWangsa Tang ingCina lan saka cathethaneI-Tsing, sawijining wong lelungan saka Cina kang sinau paramasastraSansekerta ing Sriwijaya.
Miturut cathethane I-Tsing, Sriwijaya minangka pusat ngrembakane ngelmu pangerten lan agamaBuda ingAsia Kidul-wétan. I-Tsing sinau tata basa Sansekerta lan teologi Buda ing Sriwijaya. I-Tsing uga ngalih-aksara kitab-kitab suci agama Buda ing njeroBasa Cina.
Sriwijaya tekan jaman majune nalika diprentah PrabuBalaputradewa. Sang Prabu malah wis njalin hubungan marangPraja Benggala lanPraja Chola ingIndhi.
Sriwijaya uga misuwur minangka praja maritim lan nduweni armada sagara. Uga minangka pusat dedagangan ing Asia Kidul-wetan amarga nguwasani 2 supitan gedhe kang penting ing dedagangan,Selat Melaka lanSelat Sundha.
Karajan Sriwijaya runtuh ing taun 1477Masehi wektu iku Sriwijaya diserbuMajapait kang arep nguwasanipulo Sumatera. Sedurunge uga wis ana serangan saking kraton liya antarané:
- Serbuan Prabu Dharmawangsa saka Medang taun 990 Masehi, wektu iku Sriwijaya diprentahraja Sri Sudarmaniwarmadewa
- Serbuankraton Colamandala (India kidul) taun 1023, 1030, lan taun 1068 wektu iku kang jumeneng nata Sri Sangramawijayatunggawarman kang akhire ditawan.
- Dilurugi PrabuKertanagara (1275).
- DilurugiGajah Mada (1377).
Taun 1414 pangeran pungkasan kraton Sriwijaya yaiku Parameswara, nganutagama Islam lanijrah ingUjung Malaya yasaKasultanan Melaka.
Sriwijaya pungkasane ambruk nalikaMajapait wiwit ngrembaka ingJawa.
|
---|
Kakaisaran kuna | |
---|
Kakaisaran abad tengahan | |
---|
Kakaisaran modhèrn | |
---|