Prefektur Fukushima rumiyinipun punika péranganingProvinsi Mutsu. Wewengkon Jepang ing kiwa-tengené Fukushima kawéntar kanthi sebatan Michinoku utawi Ōshū.
Fukushima kalebet prefektur palingkidulwewengkon Tohoku, ugi kalebet wewengkon Tohoku ingkang paling caket kaliyanTokyo. Prefektur punika kapérang larikan paredèn dados tigang wewengkon, inggih punika(saking kilèn mangétan)Aizu,Nakadori, lanHamadori. Wewengkon pasisir wewengkon Hamadori madep marangSamodra Pasifik ugi kalebet laladan ingkang paling rata mawi iklim sedhengan. KuthaFukushima ingkang dados kutha krajan prefektur mapan wonten ing wewengkon Nakadori ingkang dados pusat produksi tetanen. Wewengkon Aizu ingkang mawi paredèn gadhahtlaga, wana, lan mangsa adhem mawisalju[2].
Laladan pasisir wiwit rumiyin kalebet pusatulam lan indhustri pangolahandhaharansagara. Sapunika kawéntar minangka indhustrilistrik lan pembangkit listrik mawi tenaganuklir. Ékonomi ing wewengkon dharatan gumantung marang produk tetanèn. Kutha Fukushima kawentar ugi minangka indhustripiranti alus lan piranti èlèktronik.
Legenda nyariosaken babaganjin ingkang mangan manungsa kanthi namaAdachigahara ingkang wonten ing dharatan Adachigahara. Dharatan papan jin Adachigahara punika mapan wonten ing celakipun kutha Fukushima.