Polen iku nagara ing Éropa-Wétan kang wis diadegaké kurang luwih sèwu taun ing taun966. Ing taun1025 Polen dadi karaton lan ing taun1569 manunggal karo Litowen dadi "Kasaraharjan Polen-Litowen". Nanging taun1795 kasaraharjan iki rusak lan wong Polen ora nduwé nagara mardika nganti taun1918, sawiséPerang Donya I.
Polen miturut administratif dipérang dadi 16provinsi ('angka voyevod-an') utawawojewództwo ingbasa Polen. Saben provinsi dicacah manèh dadi pirangpowiat (padha karokabupatèn, terus sabenpowiat dibagi dadi sawataragmina (kurang luwih ukarané antarakecamatan utawakalurahan)).
Wong Polenlumrahé agamaKatulik,Paus Yokanan Paulus II asalé ya saka Polen. Nanging uga ana kang nganut agamaKristen Ortodhoks, mligi wong Bélarus. Panganutagama Yahudi wis mèh ora ana manèh namung kurang luwih 12.000 jiwa waé. Panganut agamaIslam uga ana. Saliyané para migran anyar, uga ana wong Polen keturunanbangsa Tatar kang wis atusan taun manggon ing kéné kaya wong Yahudi. Cacahé umat Muslim kurang luwih ana 30.000 jiwa. Wong Buda uga ana nangingcacahé panganuté ora patiya akèh; namung kira-kira 5.000 jiwa waé.