Plastik yaiku kumpulanzatorganik kang stabil ingsuhu biyasa. Nanging bisa malih dhapuré nganggokalor utawa tekanan, amarga plastik iki carané nggawé plastis.[1] Plastik uga nduwéni teges bahansintetis kang nduwéni warna-warnawarna.[1] Plastik uga kena digawéjungkat,dompét,ember.[1]Plastik diasilaké saka produkpolimérisasi sintetik utawa semi sintetik.[1] Plastik diwangun sakakondénsasi organik utawa penambahanpolimer lan bisa uga zat liyané kanggo ngundhakaké hasil.[1]
Ing ngisorégendul plastik anasimbol panah telu kang mbentuksegitelu. Kang luwih wigati ora segitelu kang kasusun saka panah nanging angka cilik ing tengah-tengah utawa sanjeroné segitelu panah iku.[2]Angka-angka iku diarani sistemkodhe idéntifikasiresin kang digawé nalika taun1988.[2] Kang nggawé sistem kodhe iki yaikuThe Society of the Plastics Industry utawa kang diarani SPI.[2] Sistem kodhe resin iki nglompokaké gendul plastik kang tinemu inglimbah rumah tangga miturut kandhutan resin.[2] Sistem kodhe iki dikembangaké kanggo nyukupi kabutuhan kang nyediakaké jasa daur ulang lan menéhi konsisténsi lan kaseragaman sistem ingmanufaktur plastik kang bisa dipraktékaké inginternasional.[2]