Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Pizza

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Pizza
Pizza kang dibakar sajeroning oven mawa bahan bakar kayu

Pizza iku panganan kang asalé sakaItalia. Panganan kang dibakar iki mèmperroti awujud pipih lan dhuwuré racaké didokoki barang-barang liya kang diaranitopping ing basa Inggris.Topping dhasar racaké saus tomat lan kéju. Sawisé iku bisa diwèhitopping liyané kaya ta daging lan sayuran.

Pizza racaké ana rong modèl: pizza Italia lan pizza Amérika. Pizza Italia luwih tipis kamangka pizza Amérika luwih kandel.

Pizza dipangan panas-panas. Kerep dipangan karosambel utawasaus Tabasco. IngTanah Jawa, jaman saiki uga akèh wong kang seneng pizza.Tembung "pizza" dijupuk sakabasa Italiapizza (Alfabet Fonetik Internasional / International Phonetic Alphabet, IPA:[ˈpiːtsə]), racaké duwé teges "pai, kue, tart". Akèh kang kliru ngira yèn pizza iku asal saka tembung Italia kang tegeséphai (pie).

Pizza Italia

[besut |besut sumber]

Pizza asli asal sakaItalia kang bisa tinemu ingPizzeria (toko Pizza) saben porsi pizza ukurané kira-kira 30 cm utawa luwih, kanthi adonan kang wis ditarik tipis. Salah siji wewadi kalezatan PizzaItalia ya iku prosès pamanggangané kang nganggo oven tradhisional nganggogeni. Bab iki amarga yèn dipanggang nganggo oven listrik, lumrahé adonan pizza tipis bakal dadi atos.

Uga delengen

[besut |besut sumber]

Pranala njaba

[besut |besut sumber]
Wikimedia Commons duwé médhia ngenaniCategory:Pizza.
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Pizza&oldid=1696898"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp