- Kanggo cithakan-cithakan sing dianggo ing Wikipedia, pirsani:Wikipédia:Cithakan Wikipedia.
Cithakan ingWikipedia dipigunakaké kanggo masang sawijining isi menyang luwih saka siji kaca. Owah-owahan ing cithakan bakal sacara otomatis ngowahi kaca-kaca sing migunakaké cithakan kasebut.
Kanggo migunakaké cithakan ing sawijining kaca, gunakna markah{{jeneng cithakan}} (gantijeneng cithakan nganggo jeneng cithakan sing arep panjenengan anggo) ing suntingan panjenengan.
Gawé cithakan anyar utawapanyuntingan cithakan sing wis ana padha karo prosès gawé utawa nyunting kaca-kacaartikel. Prabédan kaca cithakan karo artikel biasa yakuwi ing ngarep jeneng kaca ditambahaké prefiks "Cithakan:".
WiwitMediaWiki versi 1.6 dianggo, owah-owahan cithakan sing dianggo déning akèh artikel, ora bakal ngowahi artikel-artikel sing nganggo cithakan kasebut wektu iku uga, nanging bakal dikirim menyang daftar antrian (queue). Sawijining prosès sabanjuré bakal maca antrian kasebut lan mrosès liwat sistim [[]