Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Pinisi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Pinisi ing pelabuhanPaotere, Makassar
Gambar Pinisi type Lamba
Pinisi Lamba nganggo mesin

Pinisi ya ikukapal layar tradhisional khas sakaIndonésia, kang asalé saka SukuBugis lan SukuMakassar ingSulawesi Kidul.[1] Kapal iki lumrahé duwé cagak utama loro lan duwé layar pitu, ya iku telu ing pucuk ngarep, loro ing ngarep, loro ing buri; lumrahé dienggo kanggo ngangkud barang antar pulo.[1] Pinisi ya iku kapal layar kang nganggo jinis layar sekunar kang diwènèhi pitung lembar layar kang duwé arti yèn to nenek moyang bangsa Indonésia bisa ngliwati pitung samodra gedhé ing donya.[1]

Sajarah

[besut |besut sumber]

Kapalkayu Pinisi wis dienggo ing Indonésia wiwit pirang-pirang abad kapungkur, kapal pinisi dianggep wis ana wiwit sadurungé taun 1500-an.[2] Miturut naskahLontarak I BabadLa Lagaligo ing abad kaping 14, Pinisi pisanan digawéSawerigading, Putera MakuthaKarajan Luwu kanggo menyang nagariTiongkok kanggo nglamar Putri Tiongkok kang duwé jenengWe Cudai.[2]

Sawerigading kasil lunga menyang nagari Tiongkok lan nggarwa Puteri We Cudai.[2] Sawisé mapan suwé ing nagari Tiongkok, Sawerigading balik ing kampung lan nggunakaké Pinisiné ing Luwu.[2] Nalika arep lumebu wewengkon Luwu kapal diterak ombak gedhé lan Pinisi sigar dadi telu lan kerem ing désa Ara, Tanah Beru lan Lemo-lemo.[2] Masarakat ing telung désa iku mau banjur ngrakit pecahan kapal kang sigar dadi perahu kan banjur dijenengaké Pinisi.[2]

Cathetan suku

[besut |besut sumber]
  1. abcPinisiArchived 2011-06-03 at theWayback Machine.(07 Agustus 2011)
  2. abcdefPinisi(08 Agustus 2011)


Artikel iki minangkaartikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédiangembangaké.
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Pinisi&oldid=1648038"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp