Ping (cekakan sakaPacketInternetGopher) ya ikuprogram utilitas kang bisa minangka mriksa konèktivitasjaringan kang basisé tèknologiTransmission Control Protocol/Internet Protocol (TCP/IP).[1] Kanthi nganggo utilitas iki, Bisa diuji apa komputer siji terhubung karo komputer liyané.[1] Ping iki dilakokake kanthi ngirimpaket kepadaalamat IP kang arep dijajal konektivitasnya lan ngenteni responne.[1]
Mike Muuss nulis program iki ana ing sasi Dhésèmber 1983, minangka sarana kang gunané ngoleki sumber masalah ana ing jaringan.[2] Miturut Mike Muss uga, jeneng "ping" wiwitane saka swara echo (sonar) ana ingkapal selam yèn nalikane operator ngirimake pulsa-pulsa swara tumuju ing sasaran, mula saka iku swara mau mesti mantul lan ditampa manèh nalika wis ngeneni sasaran lan ana ing jangka wektu dhéwé.[2]
Utilitas ping nuddhuhake kasil kang positif yèn ana komputer loro lan padha-padha nyambung ana ing sawijining jaringan.[2] Kasil awujud statistik kaanan koneksi banjur ditampilake ana ing pérangan keri.[2] Kualitas koneksi disa didelok saka gedhene wektu lunga-bali (roundtrip) lan gedhene jumlan paket kang ilang (packet loss).[2] Sansaya cilik angka kekerone, sansaya apik kualitas koneksine.[2]
$ ping www.google.comPING www.l.google.com (64.233.183.103) 56(84) bytes of data.64 bytes from 64.233.183.103: icmp_seq=1 ttl=246 time=22.2 ms64 bytes from 64.233.183.103: icmp_seq=2 ttl=245 time=25.3 ms64 bytes from 64.233.183.103: icmp_seq=3 ttl=245 time=22.7 ms64 bytes from 64.233.183.103: icmp_seq=4 ttl=246 time=25.6 ms64 bytes from 64.233.183.103: icmp_seq=5 ttl=246 time=25.3 ms64 bytes from 64.233.183.103: icmp_seq=6 ttl=245 time=25.4 ms64 bytes from 64.233.183.103: icmp_seq=7 ttl=245 time=25.4 ms64 bytes from 64.233.183.103: icmp_seq=8 ttl=245 time=21.8 ms64 bytes from 64.233.183.103: icmp_seq=9 ttl=245 time=25.7 ms64 bytes from 64.233.183.103: icmp_seq=10 ttl=246 time=21.9 ms--- www.l.google.com ping statistics ---10 packets transmitted, 10 received, 0% packet loss, time 9008msrtt min/avg/max/mdev = 21.896/24.187/25.718/1.619 ms
Tuladhané Ping ing Microsoft Windows XP marang www.google.com:[1]
C:\>ping www.google.comPinging www.l.google.com [64.233.183.103] with 32 bytes of data:Reply from 64.233.183.103: bytes=32 time=25ms TTL=245Reply from 64.233.183.103: bytes=32 time=22ms TTL=245Reply from 64.233.183.103: bytes=32 time=25ms TTL=246Reply from 64.233.183.103: bytes=32 time=22ms TTL=246Ping statistics for 64.233.183.103: Packets: Sent = 4, Received = 4, Lost = 0 (0% loss),Approximate round trip times in milli-seconds: Minimum = 22ms, Maximum = 25ms, Average = 23ms