Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Peru

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
República del Perú
Gendéraning Peru
Gendéra
Aditamènging Peru
Aditamèng
Motto: Libertad y Orden
(Spanyol: "Kebebasan dan Orde")
Gunagita: Somos libres, seámoslo siempre
Dunungpenering Peru
Kuthagara
lan Kutha paling gedhé
Lima
JawatbasaSpanyol
PapréntahanRépublik
Kamardikan
• Banyu (%)
8,8%
Population
• Pikira-kira 2006
27.219.264 (39)
• Cacahjiwa -
-
GKK  (ITK)Pikira-kira 2005
• Gunggung
US$153 miliar (47)
• Saben wong
US$5.556 (99)
ArtacihnaNuevo Sol (PEN)
Laladan wektuUTC-5
• Mangsa ketiga (AKK)
UTC-5
Kodhé bèl51
TLD internèt.pe

Républik Peru (basa Spanyol:Perú;basa Quechua,basa Aymara:Piruw) iku nagara ingAmérika Kidul pérangan kulon, wewatesan karoEkuador lanKolombia ing sisihlor,Brasil ing sisih wétan,Bolivia ing wétan, kidul-wétan lan kidul,Chili ing kidul lanSamodra Pasifik ing kulon. Peru minangka nagara kang sugih bab budayaantropologi, lan dikenal minangka panggonan lairKarajan Inca kang kutha krajané ingMacchu Piccu.

Sajarah

[besut |besut sumber]
Artikel utama:Sajarah Peru

Sadurungé wong Spanyol teka, Peru minangka panggonan saka warna-warnakabudayan pra-Inca lan sabanjuré,Karajan Inca.Francisco Pizarro ndharat ing pasisir Peru taun1532, lan ing pungkasan taun1530-an, Peru dadiViceroy lan minangka sumber emas lan pérak utama kanggoKarajan Spanyol.

Peru mbiwara kamardikané saka Spanyol ing tanggal28 Juli1821 amarga anané aliansi antara balaArgentinaJosé de San Martín, lan bala NeogranadineSimon Bolivar. Présidhèn kapilih pisanan, nanging, ora kuwasa nganti taun1827. Saka1836 nganti1839 Peru lanBolivia dadi siji sajeroningKonfederasi Peru-Bolivia, dibubaraké sawisé konflik mawa sanjata karoChili lanArgentina. Antara taun-taun iki, kaanan isih durung aman, lan bala minangka kakuatan pulitik wigati.

Antara taun 1879 lan 1883, Peru lan Bolivia nggawé aliansi manèh lan perang nglawanChili sajeroningPerang Pasifik. Sawisé perang rampung (kanthi kèlangan provinsiTarapaca), kastabilan pulitik bisa digayuh, ing wiwitan taun1900-an; nganti tekané mangsa kadiktatoranAugusto Leguia.

Pulitik

[besut |besut sumber]
Casa de Pizarro, Gedung Papréntahan Peru
Artikel utama:Pulitik Peru

PrésidhènAlejandro Toledo iku pemimpin nagara Peru wektu iki lan KetuaPerú Posible. Dhèwèké kapilih kanthi 53% swara pemilih ing Pemilu babak kaloro taun2001 lan ngalahaké tilas Présidhèn SosialisAlan García Pérez.Perú Posible ngraih 45 kursi saka 120 kursi parlemen. Kanggo posisi kaloro lan katelu, dinggoniPartido Aprista Peruano (PAP, 28 kursi) pimpinan Alan García Pérez lanUnidad Nacional (UN, 17 kursi) pimpinanLourdes Flores Nano.


Wewengkon

[besut |besut sumber]
Artikel utama:Wewengkon Peru
Peta Peru
Peta Peru

Wewengkon Peru dipérang dadi 25 region (jamak:regiones; tunggal:región). Region iki dibagi dadi provinsi, kang dumadi saka dhistrik. Peru ndarbèni 180 provinsi lan 1747 dhistrik.

Tlatah kang dipanggoni déning kuthaLima karanLima Metropolitana (Metropolitan Lima) lan ora kalebu region mau.

Nganti taun2002, Peru dipérang dadi 24departamentos (departemen), lan akèh wong isih migunakaké istilah iki kanggo ngarani region kang saiki, sanadyan istilah departemen iki wis ora dianggo manèh.

Géografi

[besut |besut sumber]
Artikel utama:Géografi Peru

Peru dumunung ingAmérika Kidul pérangan kulon, wewatesan karoSamodra Pasifik Kidul, antaraChili lanEkuador. Uga wewatesan karoKolombia,Brasil, lanBolivia.

Dhataran pasisir kulon dipisahaké déning dhataran endèk alas Basin Amazon, ing kidul karoAndes kang dhuwur. Ing tapelwates Bolivia anaTlaga Titicaca, tlaga paling dhuwur (kang bisa dilayari) sadonya kanthi elevasi 3821 m.

Ékonomi

[besut |besut sumber]
Artikel utama:Ékonomi Peru

Ékonomi Peru wis ana paningkatan orientasi pasar, kanthi rampungéprivatisasi wiwit taun 1990; jaroning indhustripertambangan,listrik lantelekomunikasi. Amarga anané investasi manca kang kuwat lan kerja sama antara papréntahanAlberto Fujimori,IMF lanBank Donya,pertumbuhan kuwat kagayuh antarané taun 1994-1997 laninflasi bisa kakendhali. Ing taun 1998 lan 1999, akibatEl Niño ana ing babaganpertanian,krisis finansial Asia, lan kaanan ora stabil ing pasarBrasil ngurangipertumbuhan mau. Peru kasil ngatur negosiasi kanggo Fasilitas Dana Tambahan karo IMF ing sasi Juni 1999, sanadyan kudu bolak-balik negosiasi sasarané. Tekanan sajeroning gunggungépengeluaran (blanja)tansaya nambah ing Pemilihan taun2000.

Urutan internasional

[besut |besut sumber]

Uga delengen

[besut |besut sumber]

Pranala njaba

[besut |besut sumber]
Wikimedia Commons duwé médhia ngenaniCategory:Peru.
Wikiplesir duwé panuntun plesir ngenaniPeru.
Praja atmabuh
Perdikan
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Peru&oldid=1654521"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp