
Sajarah Jepang (Periode historis) |
|---|
|
|
Jaman Nara (奈良時代,nara jidai?) (710-794) iku jaman sajeroning pambagéyan periodhesajarah Jepang kang diwiwiti nalikakaisar wanita Genmei mindhahaké kutha krajan kakaisaran menyang Heijō-kyō (Nara) nalika taun710, dumadi suwéné 84 taun ngantikaisar Kanmu mindhahaké kutha krajan menyangHeian-kyō nalika taun794.
Fujiwara Nofuhito dianggep duwé peran gedhé sajeroning pamindhahan kutha krajan menyang Nara. Nara dibangun miturut kutha krajanTiongkok ingChang'an. Nara dirancang minangka kutha papréntahan kanthi sapérangan gedhé kang ndunungi wujud pegawé pamaréntah.
Sistem hukum Asuka kiyomihara lan Taiho ritsuryō kang wiwit dilakokaké ing jaman sadurungé dideleng manèh lan dirévisi supaya isiné selaras karo kaanan njero nagara Jepang. Sanajan paleksanaané isih sajeroning tahap coba-coba, ing jaman iki Jepang wis duwé ancas dadinagara hukum, sistem papréntahan pusat kanthi kakuwasanotokrasi ing tangan kaisar.
Nganggo kakuwatan militere jepang jepang ngalahke cina (1894-1895) lan Ruslan (1904-1905) lan jepang diakui yèn nagara gedhé. Jepang ugi Nginvasi korea (1990) ,njajah mansyuria (1931) lan nganakke pakta kaliyan jerman lan itali (1940). Ing ngisore kepemimpinane Mahamantri Jendral Tojo ,jepang nyerang (AS) ,Pearl Harbor (8 Dhésèmber 1941) lan laladan laladan lio seng nengisor kuasane AS lan INGGRIS.