Perang Viètnam, uga karanPerang Indochina Kapindho, ya ikuperang kang dumadi antarané taun1957 lan taun1975 ingViètnam. Perang iki wujud péranganingPerang Dingin.
Rong kubu kang perang ya iku Républik Viètnam (Viètnam Kidul) lan Républik Dhémokratik Viètnam (Viètnam Lor).Amérika Sarékat,Koréa Kidul,Thailand,Australia,Niu Selan lanFilipina sekuton kaliyan Viètnam Kidul, éwadénéUSSR lanTiongkok njurung Viètnam Lor kang wujud nagarakuminis.
Cacahing kurban kang mati diprakiraaké 280.000 ing pihak Kidul lan 1.000.000 ing pihak Lor.
Perang iki njalarieksodus gedhé-gedhéan warga Viètnam nuju nagara liya, mligiAmérika Sarékat,Australia lan nagara-nagara Kulon liyané, saéngga ing nagara-nagara mau bisa tinemu komunitas Viètnam kang cukup gedhé.
Sawisé perang iki rampung, kaloro Viètnam mau manunggal taun1976.
Salah siji kurban paling misuwur saka Perang Viètnam ya ikuKim Phuc
Viètnam dijajah déningTiongkok wiwit taun110 SM nganti mardika taun938. Sawisé bébas saka wewengkon panjajahan Tiongkok, Viètnam ora mandheg nentang serangan pihak asing.
Ing abad kaping 19, Viètnam dadi wewengkon jajahanPrancis. Prancis nguwasani Viètnam sawisé nglakoni sapérangan perang kolonial ingIndochina wiwit saka taun 1840-an. Ekspansi kakuwasaan Prancis amarga pepénginan kanggo nyaingi kabangkitanBritania Raya lan kabutuhan kanggo ngèntuki asil bumi kaya bumbon crakèn kanggo nggerakaké indhustri ing Prancis kanggo nyaingi panguwasan indhustri Britania Raya.
Samngsa papréntahan Prancis, golongan rakyat Viètnam diobong semangatnasionalisme lan pénginkamardikan saka Prancis. Sapérangan pambrontakan dilakokaké déning akèh golongan-golongannasionalis, nanging upaya iku gagal. Ing taun1919, samangsaPrajanjèn Versailles dirundhingaké,Ho Chi Minh njaluk bebarengan nggawé perundhingan supaya Viètnam bisa mardika. Panjalukké ditolak lan Viètnam sarta kabèhIndochina terus dadi jajahan Prancis.
GolonganViet Minh pungkasané olèh panyengkuyung populér lan kasil ngusir Prancis saka Viètnam. SakwénéPerang Donya II, Viètnam dikuwasani déningJepang. PamaréntahPrancis Vichy bekerjasama kaliyan Jepang lan ngeteraké bala nuju Indochina minangka wadyabala kang kuwasa kanthide facto ing kawasan mau. Pamaréntah Perancis Vichy tetep nglakokaké papréntahan kaya biyasa nganti taun1944 nalika Perancis Vichy tiba sawisé bala sekuthu naklukaké Prancis lan jendralCharles de Gaulle diangkat minangka pamimpin Prancis.
Sawisé pamaréntah Perancis Vichy ambruk, pamaréntah Jepang nggalakaké kebangkitan perobahan nasionalis ing kalangan rakyat Viètnam. Ing pungkasané Perang Donya II, Viètnam diwènèhi kamardikan déning pihak Jepang. Ho Chí Minh bali manèh ing Viètnam kanggé mbébasaken nagarané supaya ora dijajah déning kakuwasaan asing. Panjenengané nampa bantuan golongan OSS (kang bakal malih dadiCIA mengkoné).
Ing pungkasané Perang Dunia II, perobahanViet Minh sangisoré pimpinan Ho Chí Minh kasil mbébaskan Viètnam saka tangan panjajah, nanging mangsané mung singkat. Pihak Jepang nyekel pamaréntah Prancis lan mènèhi Viètnam sawijining wujud “kamardikan” minangka sabagéan saka rancangan Jepang kanggo "mbébasaké" bumiAsia saka panjajahan kulon. Akèh yasan dipasrahaké dhateng golongan-golongannasionalis. Nalika Prancis nyoba ngrebut manèh kakuwasan sawisé Jepang takluk, Prancis dilawan déning wadyabala Viètnam ya iku Vietminh. Vietminh diadegaké ing taun 1941 déning parté kuminis lan dibawahiHồ Chí Minh. Ing sasi Juli 1954, Prancis lan Vietminh napak astaniPasetujon damai Jenewa. Vietminh dadi pamaréntah Viètnam Lor lan golongan Viètnam kang anti kuminis, mligi kaum katulik, "nglompok" ing kidul dibawahi Bao Dai, tilas kaisar Viètnam kang wis dicopot ing taun 1945.
Amérika Sarékat njurung papréntahan anti-kuminis ing Viètnam Kidul, lan wiwit ngirim penasihat militèr kanggo mbiyantu nglatih lan njurung wadyabala Viètnam Kidul. Viètnam Kidul wiwit merangiViet Cong ing taun 1957. Ing taun1959, Viètnam Lor kanthi gedhèn-gedhènan mbantu Vietcong, lan wiwit nyerang ékan-ékan militèr Viètnam Kidul.