Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Perang Adhem

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Perang Dingin iku sebutan kanggo sawijining periodhe nalika dumadi konflik, kategangan, lan kompetisi antaranéAmérika Sarékat (sarta sekuthu-sekuthuné karanBlok Kulon) lanUni Sovyet (sarta sekuthu-sekuthuné karanBlok Wétan) kang dumadi antarané taun19471991. Persaingan kekaroné dumadi ing manéka warna babagan: koalisi militèr; idéologi, psikologi, lan telik sandhi; militèr, indhustri, lan pangembangan tèknologi; pertahanan; lomba nuklir lan senjata; lan akèh manèh. Sing diwedèni, perang iki bakal kapungkasan kanthiperang nuklir, kang akiré ora dumadi. Istilah "Perang Dingin" dhéwé kawanuhaké ing taun 1947 déning Bernard Baruch lan Walter Lippman saka Amérika Sarékat kanggo nggambaraké gayutan kang dumadi ing antarané kaloro nagara adhikuwasa mau.

Sawisé AS lan Uni Sovyèt sekuton lan kasil ngancurakéNazi Jerman, kaloro pihak béda pendhapat ngenani priyé cara kang trep kanggo yasa Éropa pascaperang. Sakwéné sapérangan dhékade sabanjuré, saingan antarané kekaroné nyebar metu Éropa lan ngrambah ing saindhenging donya nalika AS yasa "pertahanan" marang kuminisme kanthi mbentuk sapérangan aliansi karo sapérangan nagara, mligi karo nagara ingÉropa Kulon,Timur Tengah, lanAsia Kidul-Wétan.

Sanajan kaloro nagara adhikuwasa iku ora tau perang kanthi langsung, nanging konflik ing antarané kaloroné kanthi ora langsung wis njalari sapérangan perang lokal kayaPerang Koréa,invasi Sovyèt marang Hungaria lanCekoslovakia lanPerang Vietnam. Asil saka Perang Dingin kalebu (saka sapérangan kaca tingal) kadiktatoran ingYunani lanAmérika Kidul.Krisis Rudal Kuba uga akibat saka Perang Dingin lanKrisis Timur Tengah uga wis dadi luwih kompleks amarga Perang Dingin. Dampak liyané ya iku kapérangé Jerman dadi rong pérangan ya iku Jerman Kulon lan Jerman Wétan kang dipisahaké déningTembok Berlin. Nanging ana uga wektu-wektu ing ngendi kategangan lan pasaingan ing antarané kaloroné susut. Perang Dingin wiwit rampung ing taun 1980-an nalika Pamimpin Uni Sovyèt Mikhail Gorbachev ngluncuraké program réformasi, perestroika lan glasnost. Sacara konstan, Uni Sovyèt kelangan kakuwatan lan kakuwasaané marang Éropa Wétan lan pungkasané dibubaraké ing taun1991.

Sajarah

[besut |besut sumber]

Latar wingking

[besut |besut sumber]

Tekané lan kakuwatané Nazi Jerman meksa wadyabala Sakuthu Kulon lan wadyabala Sovyèt manunggal kanggo ngadhepi. Priye waé, wiwit awal aliansi antaranéUni Sovyèt, nagara kuminis sepisanan ing donya,Amérika Sarékat, nagara kapitalis paling sugih ing donya, lanBritania Raya, karaaan gedhé dhéwé ing donya, diwernani déning silih ora percaya lan tekanan idéologi.

Perang Dingin kapérang ing 5 éra wektu:

[besut |besut sumber]

1947–1953 |1953–1962 |1962–1979 |1979–1991 |1985–1991

Kedadèan kang ana gayutané karo perang dingin

[besut |besut sumber]

Sing kalibat Perang Dingin

[besut |besut sumber]

Pirsanana uga

[besut |besut sumber]


Artikel iki minangkaartikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédiangembangaké.
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Perang_Adhem&oldid=1559642"
Kategori:

[8]ページ先頭

©2009-2026 Movatter.jp