* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi.
Edison Arantes do Nascimento utawi ingkang asring dipuntepungi kanthi namaPelé (lair23 Oktober1940–pati29 Dhésèmber2022 ing umur 82 taun) inggih punika minangkalegenda bal-balan donya ingkang asalipun sakingBrasil. Sadanguning karieripun minangka juru main, Pelé kasil mbektaBrasil dados Juara Donya Bal-balan kaping 3, inggih punika nalika taun1958 ingSwèdhen, taun1962 ingChili, lan taun1970 ingMeksiko. Berkat kasuksesanipun mau, Brasil gadhah hak sakingPiala Jules Rimet. Pelé pikantuk jejulukO Rei utawiSang Raja.[1]
Pelé ingkang miyos ing Três Corações inggih punika putra juru main bal-balan ingkang main wonten ing Fluminense, Dodinho kaliyan Dona Celeste Arantes. Wiwitanipun dipunjeluk kanthi namaDico nanging lajeng dipunjeluk minangka Pelé déning kanca-kancanipun ngrujuk wonten ing nama kiper Vasco da Gama ingkang minangka idolanipun, Bilé.Pelé gesang wonten ing kemiskinan wonten ingSao Paulo. Piyambakipun pados arta tambahan minangka pelayan ing kedai teh sakitaripun. Piyambakipun lajeng kagabung kaliyan klub lokal Bauru wiwit taun 1952 nanging Pelé boten kiyat mundhut septu bal. Piyambakipun lajeng main kanthi nalikaken koran bekas wonten ing samparanipun minangka sepatu, lan buah jeruk minangka balipun.[2]
Wonten ing taun1956, Pelé ndhèrèk seleksi juru main bal-balan saking klub Santos, sawijining klub alit wonten ing njawiSao Paulo. Pemandu bakat ingkang mirsani lajeng ngendika dhateng Présidhèn klub bilih laré 15 taun ingkang nama Pelé bakal dados juru main paling apik donya. Pelé lajeng miwiti debutipun wonten ing Santos tanggal7September1957 damel 1 gol wonten ing kamenangan 7-1 nglawanCorinthians wonten ing tetandhingan eksebisi.[3] Nalika liga dipunwiwiti, Pelé sampun pikantuk papan utama wonten ing tim senior Santos. Wonten ing akir mangsa kompetisi Pelé medal minangka top scorer liga nalika umur 16 taun. Namung wonten ing wekdal ingkang singkat, Pelé lajeng dipundangu saperlu kagabung wonten ing skuat tim nasional Brasil. Sasampuning penampilanipun wonten ing Piala Dunia 1962, tim raksasa eropa kados Real Madrid, Manchester United lan Juventus wiwit ngincer piyambakipun. Nanging bab punika dipuncegah déning pamaréntah Brasil kanthi ngendika bilih Pelé minangka baegyan saking harta karun nagara lan boten dipunkeparengaken main bal-balan wonten ing njawiBrasil.[4]